GAWONPEDIA

Selasa, 27 November 2012

Cerita Sejarah Dalam Bahasa Jawa

Lamda Terus Ngepung Republik

LANDA baka sethithik kepeksa kudu gelem rembugan karo pihak Republik, nadyan ing sakait emoh-emoh tenan nye­dhaki. Republik dianggep barang kharam. Ning, njur arep apa, manawa gelar yekti­ne tanpa rembugan karo Re­publik, Landa bakal ora bisa mrantasi gawe; kekarepane anggone nedya ngu­kuhi bumi Nusantara (sing wis dijajah 300 taun suwene), bakal gagal?
Lha kelakon ing Hoge Veluwe (kaya­dene sing wis diaturake ing kene), wiwit 14 April 1946 dianakake sapatemon anta­rane delegasi Indonesia karo pihak Landa. Saka Indonesia pangkat Mr. Su­wandi, Mr. Abdul Karim Pringgodigdo karo Dr. Soe­darsono. Lha bareng tekan Ne­derland, di­tambah Dr Nur Sutan Pa­muntjak, karo Raden Mas Setiadjit, loro-lorone wong Indonesia sing dadi warga parlemen Ne­derland. Ditambah siji maneh wakil Per­himpunan Indonesia (kaum ma­hasiswa Indonesia sing sinau ana Ne­derland), Ma­ruto Darusman.
Kerampungane sapatemon: nihil, alias ora ana apa-apa; malahan pihak Landa ngucap: ”Delegasi Republik mulih nyang Yogya; tanpa nggawa apa-apa, kejaba ming tumpukan notulen, cathetan Kon­perensi”.
Van Mook diwanti-wanti temenan: ”Aja nganti menehi jabatan apa-apa, jenis apa bae nyang Soekarno”. Malah-malah pihak Landa atekad, nambahi cacahe ser­dhadhune sing ana Hindia 75.000 jiwa.
Sing rada gampang olahane tumrap Landa, ngadhepi wilayah sing wis di­kuwasani luwih dhisik dening Australi/Amerika, kayadene Papua, Ambon, Mi­na­hasa, Sulawesi, Kalimantan, Halma­hera, Timor sisih Kulon barang kuwi. Sebab, Landa ming gari trima matenge bae. Malah-malah ing wilayah-wilayah mau, Landa wis bisa nindakake pepren­tahane maneh kaya dhek jaman sadu­runge perang.
Khusus ing dhaerah Papua, Landa kan­dhane babarpisan ora nemoni per­soalan apa-apa; kabeh-kabeh lancar lan peme­rentahan Hindia-Walanda kelakon bali kaya wingi uni.
Iya bener ing kana-kene, ing sawa­tara pulo ana udreg-udregan sedhela, ning kabeh-kaben bisa ditangani kanthi gampang. Ing Sulawesi upamane, de­ning Republik Indonesia diangkat Dr. Ge­rungan Saul Samuel Jacob Ratulangie dadi Gubernur. Lan kenyataane, Dr Sam Ratulangie kelakon menyang Mekasar. (Beda karo Gubernur liyane sing diangkat kanggo Bali, Kalimantan lan wilayah Wetan (Ambon sakitere), tetep ana ta­nah Jawa, polahe ora bisa pangkat nyang panggonan tugas.
Dr. Ratulangie, sawijining tokoh inte­lek saka daerah Minahasa, nate necep ngelmu ing Nederland, srawung karo Dr.Tjipto, Ki Hajar, Douwes Dekker, kandel samangat nasionalismene,  kirim layang nyang Komandan pasukan Australi sing ana Mekasar. Surasane supaya pihak Aus­trali ngurmati marang Piagam Atlan­tik (Atlantic-Charter) sing ditandha tangani Churchill karo Roosevelt, sing nyebutake anane hak saben bangsa netepake dha­pukaning negarane dhewe-dhewe. La­yang mau ditandha tangani uga dening watara 300 kepala suku, kepala adat dalah agama ing kukuban kono.
Komandan pasukan Australia ora ngrewes; malahan dioper nyang komandan Inggris sing ing sakawit ditugasi ing Saigon. Lha iya komandan Inggris iki sing menehi ati nyang pihak Landa; sing terus nangkep Dr Sam Ratulangie, terus diken­dhangake nyang Serui, pulo cilik enthik ing salore Papua.
Landa ora leren-leren anggone tansah nggrecoki Republik; ing sandhinge iku uga terus nyantosakake peprentahane ing wilayah sing wis kelakon kecekel tangan. Rikala krungu yen pertengahan Mei 1946, Mountbatten (Inggris) bakal mundur saka tlatah sing wis dikuwasani, lan secara otomatis bakal ngli­yerake kekuwasaan nyang pihak Landa, Van Mook nduwe ada-ada nganakake konperensi antarane kepala-kepala dhaerah/jejunggule wilayah sing wis dikuwasani.
Cethane maneh, Van Mook ngrangkul sakehing pawongan, gelema nyengkuyung politike Landa. Kelakon rikala tengahan Juli 1946 dianakan Konperensi ing Malino, daerah Sulawesi Kidul kana.
Sing netepake sapa-sapa sing dadi wakile siji-sijine dhaerah, van Mook dhewe dibantu salah sijine pejabat tinggi Landa. Terus ana maneh ang­gota KNIL, Kapten J. Tahija karo Hamid II Akadri, Sultan Ponti­anak; pewaris sing pung­­kasan. Soale, ri­kala jaman Jepang sa­kehing warga kasultan­an lan sakehing pe­mim­pin (agama, inte­lek, adat) padha di­basmi dening Jepang; kanthi dakwaan arep nganakake kra­man. Ning, satemene bae, Jepang mula arep gawe Kalimantan (Ba­rat) dadi papan pang­uripane wong­wong Jepang; arep ditransmi­grasi mrono. Wong Indone­sia sing kari,isih urip, bisoa ming rakyat cilik, sing ora nduweni kapin­teran apa-apa, dadi gamparg reh-reh­ane.
Dasar Jepang dro­hun bin kurang asem…
Ora kurang saka paraga 39 Kalimantan lan saka daeran Wetanan di-kumpulake ing Malino; nedha nrima atur panuwun nyang Ratu Wilhelmina dene dhek 7 Desember 1942 pidato ing ngarep corong radio, surasane aweh janji bakal nganakake owan-owahan ing ndalem peprentahan Landa ing Hindia-Wetan.
Isih nunggal taun, Desember 1946 Landa gawe aksi meme­cah-belah len sabanjure nguwasani, sarana nganakake Kon­perensi maneh. Saiki ing Denpasar, Bali. Dhek samana Landa wis kelakon bisa mbangun dhaerah otonom ing Indonesia cacah 13 iji. Sing tata peprentahane wis bisa tumindak. Dene sing dadi kerampungane koperensi: ndhapuk utawa mbangun Negara Indonesia Timur. Sing dadi Presiden: Tjokorde Gde Rake Soekawati, tilas warga Volksraad; sing dadi Perdana Menteri Nadjamuddin Daeng Malewa; Mr Tadjuddin Noor Ke­tua Dewan Perwakilan. Sing dadi Menteri Keuangan dudu “orang kita”, ning wong Landa, tuan M. Hamelink.
Cetha mareh, yen “Negara” Indonesia Timur, ora nduweni gendera nasional, ora nduweni Lagu Kebangsaan dhewe, apa maneh kekuwasaan politik. Kabeh-kabeh kudu nggugu nyang karepe sing kuwasa; mula ora aran aneh yen N.I.T. dhek sa­mana ana sing nyebut: Negara Ikut Tuan. Nadyan ta ing tembe bab iki dibantah; merga mula anane gerakan-gerakan sing nduwa lan ora mesthi gelem tundhuk karo karepe Van Mook.
Republik Mbantu Beras nyang India.
Wus wiwit ing sakawit, pihak Republik ngudi amrih per­soal­an Indonesia-Landa ora ming dadi “persoalan dalam negeri” bae, kayadene sing dikarepake Landa. Soal Indonesia kudu dadi rembug internasional; dadi rembug jagadan. Iya merga saka kewasisane PM Sutan Syahrir, baka sethithik bisa kalek­sanan.
Rikala Syahrir krungu warta yen India lagi ngalami pa­ce­klik, enggal bae ngon­tak Pandit Nehru, nga­bari yen Republik Indo­nesia saguh lan siyaga bakal kirim bantuan be­ras nyang India. Limang atus ton!
Ing ndalem pidato radione, Syahrir kandha yen asiling panen taun iki ing wilayah Republik ora kurang saka 4 yuta ton (? SIN).
Yen ta India ora bisa kirim kain, ha iya diijoli barang apa bae, upa­ma­ne ubarampene per­­­ta­ni­an, utawa pi­ranti liya­ne. Uga yen ta dibayar nganggo dhu­wit manca, Indonesia akur-akur bae.
Syahrir nelakake kabeh mau minangka wang­sulan utawa surat-kawate Nehru sing nelakake suka sukuring atine, atas kesediaane Republik Indonesia mbi­yantu India negara nung­gal darah, sing lagi kataman paceklik.
Lan nyatane ing wilayah Republik banjur dianakake ke­giyatan ngumpulake pari kanggo India. Minangka gantine, pihak India saguh kirim bahan pakaian (kain) nyang pihak Indonesia.
Iki kabeh cetha mujudake pukulan sing telak tumrap Landa. Wah maneh, tugas sing diemban pihak Republik, nglucuti gegamane serdhadhu Jepang, terus nglumpukake pasukan-pasukan sing kalah perang, sing sabanjure diangkut nyang salah sijine pelabuhan sing wis ditamtokake, bisa tumindak lancar. Mangka pihak Landa sering bae gawe propokasi, ngalang-alangi aja nganti sakehing pakaryan utawa tugas sing diemban pasukan Indonesia bisa jalan…..

Sumber: http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/01/21/lamda-terus-ngepung-republik/





 Tokoh pertempuran telung dina (26-29 Oktober 1954) ing Surabaya. Saka kiwa (ngarep) Kol.Soengkono, Residen Soedirman, Gubernur Surio, ing baris no. 2, kiwa : Roeslan Abdulgani, Doel Arnowo (mburine Gubernur Surio).
 KELAKONE wus 65 taunan kepungkur; cethane maneh dhek minggu pungkasan sasi Oktober 1945. Kira-kira jam lima sore ngono, Mas Martono karo aku medhun saka sepur ing stasiun Gubeng Surabaya. Aku sakloron dhek samana isih siswane Sekolah Guru Tinggi ing Jakarta. Miturut ujare Mas Ton, lagi ditugasi (embuh langsung embuh ora, aku ora miterang) dening Bung Hatta ngedegake Palang Merah Indonesia ing wilayah Jawa Timur.
Dhek jaman samana, wis dadi adat kelumrahan, manawa ana “tugas” saka Pe­mimpin, ora nate kita dadak takon: “Endi Surat Perintahe? Lha endi uang sakune? Njur numpak apa?”, lan pitakon liyane maneh sebangsane ngono mau.
Mas Ton mono bareng Ibukota Re­publik pindhah nyang Yogya njur dadi Ko­mandan Tentara Peladjar; lha sabanjure nate uga dadi Ketua Umum Himpunan Kaum Tani Indonesia, sarta dadi Menteri Transmigrasi).
Lha ya iku mau; saka stasiun Gubeng lenging ati nuju nyang Kantor Gubernur­an. Ning, rehning durung ngerti lor kidule kutha Surabaya, trem sing dak tumpaki dadak nuju nyang Sawahan. Lha iya ing sadalan-dalan katon ana barisan sing lagi baris; breg-breg-breg. Kabeh padha nye­kel gegaman dhewe-dhewe; komandane nyengkelit pedhang; malah ana uga sing nyandhang pistul barang.
Pikiranku wong loro njur tumuju nyang kahanane kutha Jakarta (dhek samana). Persasat saben dina serdhadhu Sekutu sing digoncengi NICA = Netherlands Indies Civil Administration, tansah nganakake terror, kekisruhan, kerusuhan, raja tatu, raja pati. Ora ming gawe onar kantor-kantor Republik bae, ning uga marang rakyat, kawula Cilik.
Yen si serdhadhu NICA pengin nem­bak uwong, ha iya nembak bae; pengin ngrampog duweke rakyat, ha iya diram­pog lawaran bae. Ora ana sing wani meng­gak, ora ana sing wani ngaru biru. Iya bener saben bengi sering ana suwara “siaaapppp!!”, tegese supaya para pen­duduk, mligine para mudha padha siyaga ngadhepi ontran-ontran sing arep di­ana­kake si NICA, ning suwening suwe per­lawanan ngadhepi serdhadhu Landa (ana sing kulit putih, ana sing sawo mateng, ana sing ireng) iki, pasukan rakyat saya mundur, mundur. Tekan Krawang, Bekasi, Tangerang, lan sakiwa tengene.
Satemene bae, bareng Jepang wis teluk, Tenno Heika pidato asrah bong­kok­an nyang Sekutu 15 Agustus 1945, pama­rentah Landa babarpisan wis ora nduweni apa-apa ngenani tilas jajahane sing dise­but Hindia­Walanda kae. Soale, iya wiwit 15 Agustus 1945 kuwi mau sing nguwa­sani bumi Nusantara ana pihak loro. Wi­layah Sumatera karo tanah Jawa dipas­rahake nyang pihak Inggris, sing diko­man­doni Lord Louis Mountbaten; lha sisa­ne maneh kayadene Kalimantan, Sulawesi sapengetan nganti tekan Papua dikuwa­sa­kake marang pimpinan-tertinggi ang­katan perang Australi, Jendral Sir Thomas A. Blamey.
Letjen van Mook sing dadi tetunggule pamarentah Landa ing bang Wetan sing rikala kuwi ngungsi nyang Australi, nate ngadhep nyang manggalaning Angkatan Perang Darat Amerika, ing wilayah Pasifik, jendral Douglas MacArthur ngenani pra­kara iki. Ning sang Jendral iki nampa tugas saka dhedhuwurane Joint Chiefs of Staff ing Washington, operasi militere ing daerah Hindia Walanda supaya mung di­arahake bisane ngrebut bali Tarakan (Kali­mantan) dalah Balikpapan sing sugih lenga-patra. Dene wilayah liyane dipasra­hake nyang pihak Inggris karo Australi.
Cethane maneh: MacArthur ora susah ngrebut bali pulo Jawa barang. Tiwas mbu­wang tenaga, nyawa, lan wektu bae. Kathik kudu nyedhiyakake peralatan, sing yektine wus cumpen. Pihak Inggris, sate­mene wegah nampa tugas ngurusi Suma­tra karo Jawa. Kejaba anak-buahe wis akeh sing sayah merga perang, wilayah mau dudu wilayahe, dudu tilas jajahane. Ora ana urusan apa-apa. Ha teka ditugasi dikon ngurusi.
Ning, ha ya jeneng Sekutu, gelem ora gelem ha hiya kepeksa nindakake tugas mau. Kelakon tanggal 29 September 1945 pasukan Inggris ndharat ing Tanjung Priuk. Komandane: Letjen Sir Philip Christison, mbawahake mayjen D.C. Hawthorn (kanggo Jakarta); Mayjen A.W.S. Mallaby kanggo Surabaya, lan mayjen H.M. Chambers kanggo Medan.
Lha iya rikala ndharat ing Priok iki, di­goncengi pihak Landa; dumadi saka KL karo KKIL, dalah pemerintah sipile pisan.
 (Mobil sing ditumpaki Brigjen Mallaby kobong ing sacedhake gedhong Internaio, Surabaya (20 Oktober 1945).
 Ing Surabaya, Inggris ndharat tanggal 25 Oktober 1945, kekuwatane 6.000 jurit, komandane: Brigjen A.W.S. Mallaby. Ugal-Ugalan, dadak njur nyebar surat selebar­an, isine prentah amrih rakyat Indonesia padha masrahakake gegaman sing didar­beni nyang pihak Inggris. Terus ngluwari para tawanan Landa ing Kalisosok tanpa izine pihak Indonesia. Suwasana njur dadi tegang. Pihak Indonesia nulak mentah-mentah.
Iya ing ndalem situasi sing tegang ngono mau, tekaku wong loro dhek sa­mana ing Surabaya. Kakangaku, Djoko Utomo sing manggon ing papilyun. Kantor Gubernuran ngandhani aku wong loro, manawa saiki iki Surabaya lagi tegang; serdhadhu Inggris ubel-ubel (sing tembe­ne katelah serdhadhu Gurkha) wis wiwit gawe propokasi. Baris urut kacang siji­siji karo nyangga bedhil, mripate pendirang­an ngiwa nengen sajak nyujanani saben uwong sing dipethuki.
Embuh sapa sing miwiti, dumadakan bae keprungu suwarane mimis pating jle­dhor, saut-sautan. Pertempuran wis ke­lakon pecah.
Sajake persatuane rakyat mula wis gilig gumolong dadi siji. Sanyari bumi, sa­dumuk bathuk, ditohi pati, pecating nyawa sarta wutahing ludira.
Aku weruh Mas Ton ha teka iya njur entuk bedhil, melu campuh ing yudha. Per­tempuran sewengi natas; lha esuke bedhil-bedhilan katon rada mendha. Njur awane ngono, —iya ing Kantor Gubernur­an, aku weruh Bung Karno, Bung Hatta karo Menteri Penerangan Amir Syarifuddin rawuh. Dibarengi sawatara opsir Inggris.
Sawatara taun sawise kuwi, aku lagi ngerti, yen rikala kuwi pihak Inggris ke­seser ing pupuh. Malah-malah tembene Bung Tomo aweh keterangan manawa Inggris sing ana gedhong Internatio, kabeh-kabeh bakal mati kobong, yen ta Bung Karno karo Bung Hatta ora enggal teka Surabaya.
Soale, bareng Inggris ngrumangsani yen serdhadhu Gurkhano bakal akeh sing mati kobong banjur njaluk tulung nyang Bung Karno karo Bung Hatta supaya ker­soa nengahi pertempuran mau.
Priyagung loro dikantheni Menpen, karo sawatara opsir Inggris sing dadi peng­hubung, terbang nyang Surabaya. Saka ngisor ditembaki rakyat; njur saka radio keprungu suwarane Bung Tomo: ”Aja ditembak dulur-dulur. Mengko bae, yen wis ana ngisor kita serbu!”. Kalakon pesawat ndharat kanthi slamet.
Lan rakyat banget gawok dalah suka sukure dene sing metu katon Bung Karno, Bung Hatta karo priyagung sijine maneh sing isih durung patia dikenal (Iya Mr Amir Syarifuddin kuwi, sing dhek jaman Jepang diukum selawase urip ana kunjaran Lowok­waru, Malang).
Sing ngedab-edabi maneh, —miturut- keterangane Cak Roeslan Abdulgani, dhek samana Bung Karno ngasta gendera Merah-Putih, dikibarake ana ngarape para opsir Inggris mau. Metu saka lapangan ter­­bang opsir Inggris njaluk dikawal pa­sukan Indonesia, merga kuwatir yen bakal diserbu jalaran lapangan terbang mula iya wus dikepung pasukan pemuda Indonesia.
Rombongan tekan Kantor Gubernur; katon mayjen Mallaby, Gubernur Suryo, tokoh-tokoh liyane, uga jurubasa tuan Kundan, pedagang India sing simpati nyang gerakan kamardikan Indonesia. Iya prastawa iki sing dakweruhi karo Mas Ton. Wong loro saka Jakarta babarpisan ora nate ngira yen bakal dadi seksi sejarah.
Kerampungane rundhingan pertem­pur­­an dilereni sawise telung dina tembak-tembakan.
Terus didhapuk: Kontakbiro sing dadi sarana sesambungan antarane pihak Republik karo pihak Inggris.
Tanggal 30 Oktober esuk rombongan Presiden Soekarno kondur nyang Jakarta sarana nitih sepur. Lha bareng sorene, iya isih tanggal 30 Oktober mau ana pras­tawa sing gawe gendra temenan.
Mayjen Mallaby diwartakake tiwas, rikala lagi (arep) dianakake rundhingan an­tarane Kontakbiro karo pasukan Gur­kha/Inggris sing ana gedhong Internatio.
Sajrone sejarah Inggris, iya lagi sepisan ji iki, ana jendral Inggris sing nganti kapracondhang ing yuda; gugur, tiwas ing peperang­an. Gugure ana kutha Surabaya. Sura-ing-baya. 
Gugure Mallaby mujudake berita-jagadan; sumebar ing saindenge donya sarta gawe nepsune pimpinan tertinggi
 (Kekendelane arek-arek Surabaya ngusir penjajah sing nuwuhake anane Hari Pahlawan 10 Nopember 1945 “Merdeka atau Mati)
Angkatan Perang Sekuthu ing pulo Jawa, Jendral Christison. Minangka gantine Mallaby ditamtokake Mayjen E.C. Man­sergh, sing ing sabanjure ngetokake ultimatum/pangancam marang rakyat Sura­baya kabeh bae. Isine supaya ing wektu sing wis ditamtokake padha masrahakake sakehing gegaman sing didarbeni nyang pihak Inggris. Ora gegaman sing rupa bedhil pistol bae, ning uga klewang, keris, peso lipat lan sejenise maneh.
Kabeh-kabeh kudu ditindakake sadu­runge tanggal 10 Nopember 1945. Wus mesthi bae, ultimatume Mansergh mau ora digubris dening pamarentah propinsi Jawa Timur kanthi gubernure Raden Pandji Suryo, sing dibantu dening mayjen Sungkono, residen Surabaya Sudirman, walikota Pamudji, Roeslan Abdulgani dalah barisan pemuda sarta barisan buruh liyane sing wis gumolong dadi siji: ngan­dhemi kamardikane bumi Pertiwi, Re­publik Indonesia.
Sapa bae  dhek samana sing ana, ya? Pemerintahan Propinsi Jawa Wetan, pa­ma­rentahan karesidenan dalah kutha Su­ra­baya, Tentara Keamanan Rakyat (TKR), Pulisi, Pemuda Republik Indonesia (PRI), Barisan Pembrontak Rakyat Indonesia (BPRI), Laskar Buruh lan isih akeh maneh tunggale. Kabeh-kabeh emoh, ora sudi nu­ruti karepe si Inggris sing sawenang­ wenang. 
Tanggal 9 Nopember 1945 jam 21.00 Gubernur Surio pidato nyang ngarep corong radio; ditujokake marang rakyat Jawa Wetan kabeh, mligine kawula ing Surabaya, ngenani situasi sing diadhepi saiki iki. Terus dianakake hubungan karo Bung Karno ing Jakarta. Terus karo Menlu Ahmad Soebardjo. Tanpa kasil apa-apa. Jam 22.10 Gubernur Surio pidato maneh, nerangake manawa Pimpinan Pemerin­tahan ing Jakarta masrahake situasi Sura­baya marang rakyat dhewe. Dadi, ter­serah nyang kita dhewe.
“Ayo saiki nenuwun marang GustI Kang Maha Kuwasa amrih kita kabeh oleh kekuwatan lair batin dalah rahmat sarta taufiq ing ndalem perjuangan. Selamat       berjuang!”.
Mangkono kurang luwih pidatone Gu­bernur Surio kanthi tenang, wijang, tegas sarta manteb. Laras karo watak wantune priyagung sing pepake asma: Raden Adi­pati Ario Surio iki. Sajam sadurunge ulti­matume Mansergh entek wektune.
Esuke: 10 Nopember 1945 pecah per­tempuran ing Surabaya, ngandhemi Re­publik. Dikira Inggris bisa nguwasani kutha mau sajrone seminggu, ning nyata­ne lagi 3 minggu Surabaya lagi kena di­atur­ake: jatuh ke tangan musuh….




 


Pesawat terbang duweke Patnaik (India) nggawa obat-obatan ditembak Landa, 29 Juli 1974. Ceblok ing tengah sawah Yogya sisih Kidul Kulon. Sing gugur ana wong sawatara, salah sijine yaiku Komodor Adisutjipto, sing asmane dilanggengake kanggo njenengi lapangan terbang Meguwo, Yogyakarta nganti saiki.
Wus ginaris ing pepesthen, kaanane Republik sing isih anyar-anyaran iki, –akeh partai sing dibangun,– banjur kebak udreg-udregan antarane bangsa dhewe. Kabinet sing ing sakawit mujudake Kabinet Presidentil (diketuani sarta dipimpin Presiden) ganti dadi Kabinet parlementer. Sing mimpin paraga saka partai. Lha Republik Indonesia, dhek samana sing mimpin Perdana Menteri Sutan Syahrir saka “Sayap Kiri”.
Merga dianggep kakehan menehi kalodhangan nyang pihak Landa rikala nganakake diplomasi, kalungguhane digeser. “Sayap Kiri” pecah dadi loro; siji dipimpin Syahrir, liyane pimpinan  Amir Syarifuddin.
Kabinet Syahrir ambruk, diganti Amir sing ditugasi ndhapuk paprentahan anyar. Masyumi, partai Islam sing ana dhek aman kuwi, –ngajokake usulan sing ora bisa ditampa dening sang formatir.
Mangka Amir merlokake banget, amrih ing ndalem Kabinet-e ana wakil-wakil saka saben partai. Rehning Masyumi ora gelem diajak mlebu Kabinet, Amir banjur ajak-ajak tilas warga PSII, Partai Sarekat Islam Indonesia.
Mangka, dhek Nopember 1945 ing Yogya wis dianakake Kongres Ummat Islam, lan disepakati ngedegake partai Islamsiji bae. Ora pecah-pecah kaya dhek jaman penjajahan Landa biyen. Niat lan tekad iki disetujoni saben wakil partai Islam lan ormas Islam sing wis ana, sing dhek jaman penjajahan gumolong ana MIAI, Majlis Islam Ala Indonesia.
MIAI iki jaman penjajahan Jepang diganti dadi Masyumi, Majlis Syuro Muslimin Indonesia, anane iya ming ing tanah Jawa bae. Merga jaman Jepang, hubungan pulo siji lan sijine angel, ora gampang. Apa maneh ngenani organisasi utawa kumpulan barang kaya ngene iki.
Lha iya ing Kongres Ummat Islam sing dianakake ing Yogya sawise jaman kamardikan kuwi, ditetepake amrih Masyumi mujudake siji-sijine partaine ummat Islam.
Ing sakawit, Dr Abu Hanifah ngusulake, amrih jenenge partai anyar mau: Partai Islam. Merga ing Nederlan anaKatholieke Volks Partij (=KvP), lan iya partai iki sing saiki lagi mimpin pemerintahan, nganakake rundhingan karo pihak Kiblik.
Ning Kongres ora nyarujuki; kareben jenenge tetep “Masyumi” bae, merga jeneng iki wis kadhung populer ing kalangan bebrayan. Dadi, jenenge Partai Islam, Masyumi, tanpa ditegesi apa-apa. Dudu Masyumi jaman Jepang biyen. Beda; lain!!
Sejarah nyathet, durung ganep setaun umure Masyumi wis pecah. Merga PSII njaluk metu saka gabungan mau. Lha Amir Syarifuddin saikine kelakon bisa ngangkat Menteri saka kalangan partai Islam ing ndalem Kabinet sing kudu didhapuk. Umure Kabinet Amir iki ming 4 sasi, Juli nganti Nopember 1947; terus ditugasi mbangun Kabinet maneh. Iki mujudake Kabinet sing kaping lima ing ndalem Republik Indonesia sing rikala kuwi lagi umur 18 sasi.
Wakil PM-e ana papat; saben Menteri nduweni Menteri Muda dhewe. Terus ana maneh Menteri Negara, ana pitu. Ana Menteri Negara Urusan Makanan; ana Menteri Negara Urusan Peranakan, Urusan Kepolisian, Urusan Pemuda. Ana sing Menteri Negara thok, Sri Sultan Hamengku Buwono IX karo Anwar Tjokroaminoto.
Salah sijine Menteri sing diajokake PSII, Sekarmadji Maridjan Kartosuwirjo ning ora nate (apa ora gelem) teka, kirim tilgram nyang Presiden Soekarno surasane: “tetep disiplin nyang Masyumi, mula ora sanggup nampa jabatan Menteri Muda Pertahanan.”
Banjur diterusake anggone rundhingan karo Landa, sing sangsaya suwe sangsaya ngangseg; polahe kayadene sing diaturake ndhisik, Landa selak merlokake dhuwit kanggo ngragadi sakehing kegiyatane militer dalah politik, anggone nedya kepengin bali kuwasa ing bumi Nusantara iki. Mangka, sumber devisa-ne saperangan gedhe isih ana wilayah Republik. Mula saka iku, kudu direbut; yen ora bisa sarana alus (diplomasi), ha iya kepiye maneh; sarana kekerasan alias sarana militer. Sarana perang!
Nadyan ta ing ndalem perundhingan pihak Republik wis sering nuruti kekarepane Landa, ning pihak Landa sing mula niyat arep njajah Indonesia maneh, terus bae ngetokake ancaman-ancaman, kandhane “kepeksa migunakake kekuwatan militer”-e kanggo nguwisi kaanan sing –miturut Landa, mesthine, wis ora bisa dipertahanake maneh iki, ing ndalem bidang ekonomi, sosial lan militer.
Hebate, dene ing ndalem suwasana sing kritis lan banget mutawatiri mau, Wakil Presiden Hatta bisa mabur nyang New Delhi. Nganakake sapatemon karo Nehru sarta Mahatma Gandhi. Mesthine iya ngrembug bab kerja-sama sarta bantuan apa sing sakira bisa diwenehake dening pemimpin India leloro wektu iku.
Nehru mangsuli, manawa bantuan gegaman ora bisa, merga nganti titine dina iku Inggris sing isih nguwasani sakehing piranti perang. India bisa mbiyantu Republik Indonesia sarana protes, yen ta Landa main agresi. Protes nyang PBB, supaya tindakane Landa dihukum. Protes iki tertamtu ora bisa dianggep entheng dening Landa; merga dikepiyea kae, jenenge Republik Indonesia wis wiwit kondhang ing jagad internasional.
Hatta uga merlokake mertamu nyang omahe Mahatma Gandhi, sing uga aweh pambombong marang perjuangane bangsa Indonesia.
Sapatemone Hatta karo Nehru mujudake “reuni” merga dhek sadurunge Perang Donya biyen nate sapatemon ing Kongres Pemuda sa-Donya sing dianakake ing Eropa. Lha sing nepungake Hatta karo Mahatma Gandhi, iya Nehru.
Tertamtu lungane Hatta nyang India mau sacara winadhi. Mula ing paspor-e disebut jenenge Abdullah, pakaryan co-pilot.
Pesawat terbange sing nduweni: Patnaik, mitra darmane Nehru sing mula ditugasi nyang Sumatra perlu nggawa obat-obatan kanggo keperluan Republik. Lan sajakane wis gedheg-antuk, Hatta bakal dipethuk ing Sumatra kono.
Baline Hatta nyang Indonesia iya bareng Landa wis kelakon nyerbu Republik 21 Juli 1947 kuwi, lha bisane mulih nyang Yogya bareng suwasana politik karo Landa wis beda maneh.
Ora nate-natene kelakon, esuk-esuk Menteri Pertahanan Amir Syarifuddin teka ing Kantor Berita Antara. Jalaran Ngabean cedhak Gedung Agung. Dibarengi Armyn Pane, sastrawan kondhang ning uga politikus ulung. Mr Amir gemang ditemoni sapa bae, kejaba Mas Djawoto, sang Pem.Red Antara. Diterangake, manawa mau esuk uthuk-uthuk pesawat pembom Republik nindakake pengeboman ing kutha Semarang lan pesawate kelakon bali kanthi slamet.
Kabar mau tertamtu ditampa kanthi suka gembira dalah bombonging ati, dene Republik dikepiyea kae, kelakon bisa mbales nyerang mungsuh. Mr. Amir njelasake, anggone keraya-raya teka dhewe nyang Antara iki mau, ora liya mung kanggo ngyakinake, manawa serangan udara pihak Kiblik nyang mungsuh iki mula warta sing beneran kelakon.
Eee, let sawatara dina lelakon mau, kesusul anane warta sing nyedhihake. Merga pas 29 Juli wektu sore bakda ngasar, Landa nembak jatuh pesawat Dakota, duweke Patnaik, rikala pesawat iki wis meh ndharat ana Yogya. Pesawate ceblok ngrungkeb ana tengah sawah, penumpange padha tiwas, kejaba ming siji sing slamet, Abdulgani sing tembene dadi pengusaha.
Tertamtu prastawa mau gawe geger ora ming geger njeron negara bae, ning uga gegere jagad internasional, merga sing dadi kurbane saperangan akeh wong manca. Kathik sing nduweni pesawat, wong India pisan, yaiku Patnaik sing mula wis akeh lelabuhane nyang perjuangane bangsa Indonesia.
Sing ugal-ugalan tenan ki ya pihak Landa, khusus kaum militer-e. Jendral Spoor kandha manawa pihak Landa nembak pesawat mau, merga pesawate ora migunakake tandha “palang-merah”. Malah-malah, –embuh kanggo nutupi blo’on-e, embuh blo’on tenan,– kandhane, pilot-pilot Landa ngira yen pesawat sing ditembak kuwi kaya pesawat pemburu Jepang (?). Iki bisa diwaos ing Historisch Archief Keesings, 1947.
Komentare Komodor Udara Suryodarmo: “Rikala iku cuaca isih terang, srengenge isih durung angslup. Jejer dadi penerbang, mesthine si Landa kuwi rak wis bisa mbedakake endi sing pesawat bomber endi sing pesawat penumpang ….”
Perang kolonial Landa terus tumindak; Landa mbergudul. **

Tidak ada komentar:

Posting Komentar