Parman,
priya umur 40-an taun. Nelayan saka Desa Kawunganten, Cilacap. Dheweke
nekad ndhudhah kuburane wong mati, njupuk kemule saperlu didadekake
jimat.Dheweke nganti nekad merga sanggan ekonomi kang nyepit kulawargane. Dheweke uga entuk inspirasi saka kancane kang saiki malih sugih kanthi dalan aneh. Sawise nyolong kemule wong mati Selasa Kliwon, kancane mau dadi sugih. Mula, Parman uga kepengin sugih kaya kancane iku.
Merga durung ngerti, ing sawijining dina dheweke takon marang kancane, “Geneya kudu wong sing mati Selasa Kliwon?”
“Iki wis dadi syarat sing kudu dipercaya,” wangsulane kancane.
Sabanjure, Parman nganti pirang-pirang wulan anggone ngenteni lan ndhedhepi wong sing mati pas Selasa Kliwon. Sawise suwe ngenteni, pengarep-arep iku pungkasane bener-bener teka.
Untung banget wektu iku, sebab sing mati bocah cilik. Kanthi mangkono Parman luwih gampang anggone njupuk kemule jisim kasebut.
Jebul njupuk lan ngrebut kemule wong mati iku totohane nyawa. Kejaba kudu waspada marang juru kunci kuburan, uga kudu mati-matian ing proses njupuke. Nalika ndhudhah kuburane wong mati, uga ora oleh nganggo gaman apa wae. Dadi kudu nganggo tangane loro. Bab iki sing kudu digatekake, supaya rituale kasil. Yen taline wis ucul, kudu age-age narik kemul kasebut. Nanging narike kudu nganggo untu. Lan pira wae ukurane kemul sing bisa dijupuk, mula suwekan iku sing kudu digawa bali didadekake jimat.
“Kowe ora oleh njupuk bola-bali. Cukup sakenane wae. Untung yen kowe bisa entuk suwekan sing amba, saengga kowe bisa tambah sugih,” kandhane kancane ing sawijining dina.
Percaya apa ora, saben uwong sing nindakake ritual iki, dheweke kudu gelut karo mayit sing kemule arep dicolong mau. Iki pancen aneh. Ning mbokmenawa wae mayit iku wis diangslupi dening roh jahat, saengga tenagane bisa kuwat. Parman wektu iku bener-bener ora nyangka yen wong mati iku duwe tenaga kang luwih gedhe dibandhing tenagane manungsa urip. Nadyan sing dijupuk Parman kemule bocah cilik, ning tenagane kaya wong diwasa. Apa maneh yen sing dicolong Parman iku kemule wong diwasa, genah dheweke ora bakal kuwagang. Ora mokal akeh wong kang ora sanggup lan gagal nindakake ritual iki.
Apa maneh yen sing nyolong kalah mungsuh wong mati, mula sing arep nyolong bakal babak belur, malah ora sethithik sing cacat awake merga diantemi dening wong mati.
Yen wis entuk kemule wong mati, keuntungan urip candhake bisa dikandhakake wis ana ing ngarep mata. Sapa wae sing duwe kemule wong mati bisa njaluk apa wae marang wong mati sing dicolong kemule.
Mula, sapa wae yen wis entuk kemule wong mati sing dijupuk saka kuburan nggunakne cangkem, sawise tekan omah langsung disimpen wae neng lemari, ngenteni wektu sing pas kanggo miwiti. Eling, kemule wong mati iku aja nganti diumbah. Carane nggunakake uga gampang. Kemule wong mati kasebut digawe sumbu lampu teplok. Pas jam rolas, uga ing malem Selasa Kliwon, lampu kanthi sumbu kemule wong mati kasebut lagi disumet, sawise luwih dhisik nindakne ritual lan maca mantra. Sawise sumbu lampu iku murub, beluk saka sumbu kemule wong mati iku banjur ngluyur tekan ngendi-endi. Wong mati sing duwe kemul bakal ngambu beluk iku, lan langsung weruh ing ngendi kemule. Kanthi cara iki, bisa dipesthekne wong mati sing duwe kemul iku banjur mara menyang omahe sing nyolong kemul kasebut. Wong mati iku terus ngubengi omahe sing nyolong kemule lan njaluk bali kemule.
Wong mati sing kelangan kemul iku bakal nangis njaluk kemule dibalekake. Nah, ing wektu iku, wong sing nyolong kemule bisa njaluk apa wae. Bisa njaluk dhuwit, mas-masan, lan apa wae sing dipengini.
Mula, nalika Parman nyoba sepisanan, dheweke mrinding, lan melu nangis. Ning kanggo urusan weteng lan ekonomi kulawargane, ritual kasebut kepeksa diterusake.
Wektu Parman nyuwek kemule wong mati digawe sumbu, ana perasaan liya kang dirasakake wektu iku. Perasaan itu tansaya ora karuwan wektu sumbu kemule wong mati iku wiwit disumet ing jero kamare, banjur murub lan ngetokake beluk ngebaki ruwangan. Aneh, ujug-ujug saka arah cendhela kamar, ana swara thothokan kang dibarengi tangisan, sarta sambat njaluk pitulungan.
“Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku! Wenehna aku butuh, Pak!”
Mangkono swara bocah cilik sing ana njaba cendhela ngrerepa. Parman ngerti yen iku swarane bocah mati sing tau dijupuk kemule.
“Kemulmu bakal tak balekne, ning mengko yen aku wis duwe omah dhewe sing apik. Mangkane, kowe kudu mbantu aku supaya aku duwe omah apik saengga kemulmu tak balekne,” janjine Parman.
Ora let suwe swara iku ilang embuh menyang ngendi. Parman uga langsung mateni lampu teploke.
Nanging apa kang kedadeyan sabanjure? Aneh, ning nyata! Ora let suwe Parman nemu dhompet kang isine mas-masan. Iki durnadi wektu dheweke arep budhal golek iwak menyang segara. Nalika didol dheweke entuk dhuwit meh 50 yuta.
Sing uga ora masuk akal, suwene telung wulan asile golek iwak tansah akeh. Sasuwene dadi nelayan, dheweke durung nate entuk iwak kang akehe kaya ngono.
“Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine
duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku!
Wenehna, aku butuh, Pak!”Ing pethiting wulan katelu sawise nindakake ritual nyolong kemule wong mati, Parman bener-bener bisa klakon duwe omah dhewe kang lurnayan apik miturut ukuran ing kampung nelayan papan omahe. Nanging, Parman ora gelem mandheg tekan semono. Malem Jemuah Kliwon sabanjure dheweke nyumet lampu kanthi sumbu morine wong mati iku. Lelakon kaya sadurunge dumadi maneh.
“Tulung, Pak! Balekna kemulku. Aku ora tahan maneh, aku ora kuwat, Pak!” tangise bocah iku maneh. Parman uga janji maneh.
“Yen kowe pengin tak bantu, kowe uga kudu mbantu aku. Aku pengin sepedha montor anyar. Yen kowe bisa mbantu, kemulmu mengko tak balekne,” kandhane.
Swara iku uga ilang kaya digawa angin. Lan apa kang dumadi sabanjure bener-bener luwar biyasa. Tanpa dinuga lan dinyana-nyana, Parman nemu dhompet maneh isi mas-masan, saengga dheweke bener-bener bisa tuku sepedha montor anyar.
Sabanjure, Parman tansaya percaya marang keampuhane jimat kemule wong mati kaya kang dicritakake Badrun, kancane. “Pantes, Badrun tambah sugih. Sajake yen pengin apa wae dheweke kari nyumet lampu sumbu kemule wong mati,” batine Parman.
Pancen, sawise duwe jimat iku panguripane Parman owah drastis. Dheweke dadi wong kang cukup kondhang ing kampunge.
Nanging, musibah pungkasane dumadi. Kompor gas kang kabener digawe masak bojone njeblug. Bojone tinggal donya kanthi kahanan sakojur awake gosong. Separo omah lan isine uga katut kobong.
Lungane bojone menyang alam kubur meh wae ndadekake Parman stres. Mula, dheweke banjur mbalekake kemule wong mati iku menyang kuburan.
“Aku yakin apa sing tak lakoni wis nekakake kutukan,” kandhane Parman. Dheweke ngaku lila dadi wong susah maneh, dadi nelayan.
“Aja pisan-pisan nyonto pengalamanku iki. Iki mung dijupuk hikmahe wae, yen kabeh iku bakal bali menyang asale. Lan kabeh wis ditakdirne sarta digarisne dening Gusti Allah,” sambunge Parman kang bener-bener wis insyaf.
Muga-muga bisa dijupuk hikmahe saka lelakone Parman mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar