Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng ratune jejuluk
Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak Cotro,
Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.
Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang putra Banyak Cotro.
Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak Cotro. Banyak
Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga durung
krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori.
Kanthi nyandhang lumrahe wong desa lan gantos jeneng Raden Kamdaka,
Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing kadipaten Pasir Luhur.
Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih Reksonoto.
Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali Logawa datan konyana-nyana
Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun pangunwaos
pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane lan
Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni sakarone padha nduweni
rasa tresna. Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang
prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih
Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir
Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden
Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden Kamandoko
wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe, nanging Dewi
Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise njegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing Desa
Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro.
Mbok Rektosuro gadhah jago sing dijenengi “Mercu”. Raden Kamandoko
seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng aben sawung
saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula Raden Kamandaka kondang
kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur.
Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng karo Adipati Kamandoho.
Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih Raden Kamandoko
taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang badhe
magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun
bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para
prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandoko adu jago.
Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka
nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa
mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa
Brobosan.
Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang
buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak wadya
balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu nganti
tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih
Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden
Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro
Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah”
kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran
Tidak ada komentar:
Posting Komentar