Suwijining ndina Kucing sing endah banget wulune mlaku-mlaku ning
ngomah. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh
seka ngendi. Dadi dheweke dadi kepengin melu mangan, terus golek cara
supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing apik lan
rupane sing menawan, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek
sing kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing,
empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh
tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter dadi isa mlaku
dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe
nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak
Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme
arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne
Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga
ngedohi Kucing. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake
supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar