GAWONPEDIA

Selasa, 27 November 2012

Cerita Sejarah Dalam Bahasa Jawa

Lamda Terus Ngepung Republik

LANDA baka sethithik kepeksa kudu gelem rembugan karo pihak Republik, nadyan ing sakait emoh-emoh tenan nye­dhaki. Republik dianggep barang kharam. Ning, njur arep apa, manawa gelar yekti­ne tanpa rembugan karo Re­publik, Landa bakal ora bisa mrantasi gawe; kekarepane anggone nedya ngu­kuhi bumi Nusantara (sing wis dijajah 300 taun suwene), bakal gagal?
Lha kelakon ing Hoge Veluwe (kaya­dene sing wis diaturake ing kene), wiwit 14 April 1946 dianakake sapatemon anta­rane delegasi Indonesia karo pihak Landa. Saka Indonesia pangkat Mr. Su­wandi, Mr. Abdul Karim Pringgodigdo karo Dr. Soe­darsono. Lha bareng tekan Ne­derland, di­tambah Dr Nur Sutan Pa­muntjak, karo Raden Mas Setiadjit, loro-lorone wong Indonesia sing dadi warga parlemen Ne­derland. Ditambah siji maneh wakil Per­himpunan Indonesia (kaum ma­hasiswa Indonesia sing sinau ana Ne­derland), Ma­ruto Darusman.
Kerampungane sapatemon: nihil, alias ora ana apa-apa; malahan pihak Landa ngucap: ”Delegasi Republik mulih nyang Yogya; tanpa nggawa apa-apa, kejaba ming tumpukan notulen, cathetan Kon­perensi”.
Van Mook diwanti-wanti temenan: ”Aja nganti menehi jabatan apa-apa, jenis apa bae nyang Soekarno”. Malah-malah pihak Landa atekad, nambahi cacahe ser­dhadhune sing ana Hindia 75.000 jiwa.
Sing rada gampang olahane tumrap Landa, ngadhepi wilayah sing wis di­kuwasani luwih dhisik dening Australi/Amerika, kayadene Papua, Ambon, Mi­na­hasa, Sulawesi, Kalimantan, Halma­hera, Timor sisih Kulon barang kuwi. Sebab, Landa ming gari trima matenge bae. Malah-malah ing wilayah-wilayah mau, Landa wis bisa nindakake pepren­tahane maneh kaya dhek jaman sadu­runge perang.
Khusus ing dhaerah Papua, Landa kan­dhane babarpisan ora nemoni per­soalan apa-apa; kabeh-kabeh lancar lan peme­rentahan Hindia-Walanda kelakon bali kaya wingi uni.
Iya bener ing kana-kene, ing sawa­tara pulo ana udreg-udregan sedhela, ning kabeh-kaben bisa ditangani kanthi gampang. Ing Sulawesi upamane, de­ning Republik Indonesia diangkat Dr. Ge­rungan Saul Samuel Jacob Ratulangie dadi Gubernur. Lan kenyataane, Dr Sam Ratulangie kelakon menyang Mekasar. (Beda karo Gubernur liyane sing diangkat kanggo Bali, Kalimantan lan wilayah Wetan (Ambon sakitere), tetep ana ta­nah Jawa, polahe ora bisa pangkat nyang panggonan tugas.
Dr. Ratulangie, sawijining tokoh inte­lek saka daerah Minahasa, nate necep ngelmu ing Nederland, srawung karo Dr.Tjipto, Ki Hajar, Douwes Dekker, kandel samangat nasionalismene,  kirim layang nyang Komandan pasukan Australi sing ana Mekasar. Surasane supaya pihak Aus­trali ngurmati marang Piagam Atlan­tik (Atlantic-Charter) sing ditandha tangani Churchill karo Roosevelt, sing nyebutake anane hak saben bangsa netepake dha­pukaning negarane dhewe-dhewe. La­yang mau ditandha tangani uga dening watara 300 kepala suku, kepala adat dalah agama ing kukuban kono.
Komandan pasukan Australia ora ngrewes; malahan dioper nyang komandan Inggris sing ing sakawit ditugasi ing Saigon. Lha iya komandan Inggris iki sing menehi ati nyang pihak Landa; sing terus nangkep Dr Sam Ratulangie, terus diken­dhangake nyang Serui, pulo cilik enthik ing salore Papua.
Landa ora leren-leren anggone tansah nggrecoki Republik; ing sandhinge iku uga terus nyantosakake peprentahane ing wilayah sing wis kelakon kecekel tangan. Rikala krungu yen pertengahan Mei 1946, Mountbatten (Inggris) bakal mundur saka tlatah sing wis dikuwasani, lan secara otomatis bakal ngli­yerake kekuwasaan nyang pihak Landa, Van Mook nduwe ada-ada nganakake konperensi antarane kepala-kepala dhaerah/jejunggule wilayah sing wis dikuwasani.
Cethane maneh, Van Mook ngrangkul sakehing pawongan, gelema nyengkuyung politike Landa. Kelakon rikala tengahan Juli 1946 dianakan Konperensi ing Malino, daerah Sulawesi Kidul kana.
Sing netepake sapa-sapa sing dadi wakile siji-sijine dhaerah, van Mook dhewe dibantu salah sijine pejabat tinggi Landa. Terus ana maneh ang­gota KNIL, Kapten J. Tahija karo Hamid II Akadri, Sultan Ponti­anak; pewaris sing pung­­kasan. Soale, ri­kala jaman Jepang sa­kehing warga kasultan­an lan sakehing pe­mim­pin (agama, inte­lek, adat) padha di­basmi dening Jepang; kanthi dakwaan arep nganakake kra­man. Ning, satemene bae, Jepang mula arep gawe Kalimantan (Ba­rat) dadi papan pang­uripane wong­wong Jepang; arep ditransmi­grasi mrono. Wong Indone­sia sing kari,isih urip, bisoa ming rakyat cilik, sing ora nduweni kapin­teran apa-apa, dadi gamparg reh-reh­ane.
Dasar Jepang dro­hun bin kurang asem…
Ora kurang saka paraga 39 Kalimantan lan saka daeran Wetanan di-kumpulake ing Malino; nedha nrima atur panuwun nyang Ratu Wilhelmina dene dhek 7 Desember 1942 pidato ing ngarep corong radio, surasane aweh janji bakal nganakake owan-owahan ing ndalem peprentahan Landa ing Hindia-Wetan.
Isih nunggal taun, Desember 1946 Landa gawe aksi meme­cah-belah len sabanjure nguwasani, sarana nganakake Kon­perensi maneh. Saiki ing Denpasar, Bali. Dhek samana Landa wis kelakon bisa mbangun dhaerah otonom ing Indonesia cacah 13 iji. Sing tata peprentahane wis bisa tumindak. Dene sing dadi kerampungane koperensi: ndhapuk utawa mbangun Negara Indonesia Timur. Sing dadi Presiden: Tjokorde Gde Rake Soekawati, tilas warga Volksraad; sing dadi Perdana Menteri Nadjamuddin Daeng Malewa; Mr Tadjuddin Noor Ke­tua Dewan Perwakilan. Sing dadi Menteri Keuangan dudu “orang kita”, ning wong Landa, tuan M. Hamelink.
Cetha mareh, yen “Negara” Indonesia Timur, ora nduweni gendera nasional, ora nduweni Lagu Kebangsaan dhewe, apa maneh kekuwasaan politik. Kabeh-kabeh kudu nggugu nyang karepe sing kuwasa; mula ora aran aneh yen N.I.T. dhek sa­mana ana sing nyebut: Negara Ikut Tuan. Nadyan ta ing tembe bab iki dibantah; merga mula anane gerakan-gerakan sing nduwa lan ora mesthi gelem tundhuk karo karepe Van Mook.
Republik Mbantu Beras nyang India.
Wus wiwit ing sakawit, pihak Republik ngudi amrih per­soal­an Indonesia-Landa ora ming dadi “persoalan dalam negeri” bae, kayadene sing dikarepake Landa. Soal Indonesia kudu dadi rembug internasional; dadi rembug jagadan. Iya merga saka kewasisane PM Sutan Syahrir, baka sethithik bisa kalek­sanan.
Rikala Syahrir krungu warta yen India lagi ngalami pa­ce­klik, enggal bae ngon­tak Pandit Nehru, nga­bari yen Republik Indo­nesia saguh lan siyaga bakal kirim bantuan be­ras nyang India. Limang atus ton!
Ing ndalem pidato radione, Syahrir kandha yen asiling panen taun iki ing wilayah Republik ora kurang saka 4 yuta ton (? SIN).
Yen ta India ora bisa kirim kain, ha iya diijoli barang apa bae, upa­ma­ne ubarampene per­­­ta­ni­an, utawa pi­ranti liya­ne. Uga yen ta dibayar nganggo dhu­wit manca, Indonesia akur-akur bae.
Syahrir nelakake kabeh mau minangka wang­sulan utawa surat-kawate Nehru sing nelakake suka sukuring atine, atas kesediaane Republik Indonesia mbi­yantu India negara nung­gal darah, sing lagi kataman paceklik.
Lan nyatane ing wilayah Republik banjur dianakake ke­giyatan ngumpulake pari kanggo India. Minangka gantine, pihak India saguh kirim bahan pakaian (kain) nyang pihak Indonesia.
Iki kabeh cetha mujudake pukulan sing telak tumrap Landa. Wah maneh, tugas sing diemban pihak Republik, nglucuti gegamane serdhadhu Jepang, terus nglumpukake pasukan-pasukan sing kalah perang, sing sabanjure diangkut nyang salah sijine pelabuhan sing wis ditamtokake, bisa tumindak lancar. Mangka pihak Landa sering bae gawe propokasi, ngalang-alangi aja nganti sakehing pakaryan utawa tugas sing diemban pasukan Indonesia bisa jalan…..

Sumber: http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/01/21/lamda-terus-ngepung-republik/





 Tokoh pertempuran telung dina (26-29 Oktober 1954) ing Surabaya. Saka kiwa (ngarep) Kol.Soengkono, Residen Soedirman, Gubernur Surio, ing baris no. 2, kiwa : Roeslan Abdulgani, Doel Arnowo (mburine Gubernur Surio).
 KELAKONE wus 65 taunan kepungkur; cethane maneh dhek minggu pungkasan sasi Oktober 1945. Kira-kira jam lima sore ngono, Mas Martono karo aku medhun saka sepur ing stasiun Gubeng Surabaya. Aku sakloron dhek samana isih siswane Sekolah Guru Tinggi ing Jakarta. Miturut ujare Mas Ton, lagi ditugasi (embuh langsung embuh ora, aku ora miterang) dening Bung Hatta ngedegake Palang Merah Indonesia ing wilayah Jawa Timur.
Dhek jaman samana, wis dadi adat kelumrahan, manawa ana “tugas” saka Pe­mimpin, ora nate kita dadak takon: “Endi Surat Perintahe? Lha endi uang sakune? Njur numpak apa?”, lan pitakon liyane maneh sebangsane ngono mau.
Mas Ton mono bareng Ibukota Re­publik pindhah nyang Yogya njur dadi Ko­mandan Tentara Peladjar; lha sabanjure nate uga dadi Ketua Umum Himpunan Kaum Tani Indonesia, sarta dadi Menteri Transmigrasi).
Lha ya iku mau; saka stasiun Gubeng lenging ati nuju nyang Kantor Gubernur­an. Ning, rehning durung ngerti lor kidule kutha Surabaya, trem sing dak tumpaki dadak nuju nyang Sawahan. Lha iya ing sadalan-dalan katon ana barisan sing lagi baris; breg-breg-breg. Kabeh padha nye­kel gegaman dhewe-dhewe; komandane nyengkelit pedhang; malah ana uga sing nyandhang pistul barang.
Pikiranku wong loro njur tumuju nyang kahanane kutha Jakarta (dhek samana). Persasat saben dina serdhadhu Sekutu sing digoncengi NICA = Netherlands Indies Civil Administration, tansah nganakake terror, kekisruhan, kerusuhan, raja tatu, raja pati. Ora ming gawe onar kantor-kantor Republik bae, ning uga marang rakyat, kawula Cilik.
Yen si serdhadhu NICA pengin nem­bak uwong, ha iya nembak bae; pengin ngrampog duweke rakyat, ha iya diram­pog lawaran bae. Ora ana sing wani meng­gak, ora ana sing wani ngaru biru. Iya bener saben bengi sering ana suwara “siaaapppp!!”, tegese supaya para pen­duduk, mligine para mudha padha siyaga ngadhepi ontran-ontran sing arep di­ana­kake si NICA, ning suwening suwe per­lawanan ngadhepi serdhadhu Landa (ana sing kulit putih, ana sing sawo mateng, ana sing ireng) iki, pasukan rakyat saya mundur, mundur. Tekan Krawang, Bekasi, Tangerang, lan sakiwa tengene.
Satemene bae, bareng Jepang wis teluk, Tenno Heika pidato asrah bong­kok­an nyang Sekutu 15 Agustus 1945, pama­rentah Landa babarpisan wis ora nduweni apa-apa ngenani tilas jajahane sing dise­but Hindia­Walanda kae. Soale, iya wiwit 15 Agustus 1945 kuwi mau sing nguwa­sani bumi Nusantara ana pihak loro. Wi­layah Sumatera karo tanah Jawa dipas­rahake nyang pihak Inggris, sing diko­man­doni Lord Louis Mountbaten; lha sisa­ne maneh kayadene Kalimantan, Sulawesi sapengetan nganti tekan Papua dikuwa­sa­kake marang pimpinan-tertinggi ang­katan perang Australi, Jendral Sir Thomas A. Blamey.
Letjen van Mook sing dadi tetunggule pamarentah Landa ing bang Wetan sing rikala kuwi ngungsi nyang Australi, nate ngadhep nyang manggalaning Angkatan Perang Darat Amerika, ing wilayah Pasifik, jendral Douglas MacArthur ngenani pra­kara iki. Ning sang Jendral iki nampa tugas saka dhedhuwurane Joint Chiefs of Staff ing Washington, operasi militere ing daerah Hindia Walanda supaya mung di­arahake bisane ngrebut bali Tarakan (Kali­mantan) dalah Balikpapan sing sugih lenga-patra. Dene wilayah liyane dipasra­hake nyang pihak Inggris karo Australi.
Cethane maneh: MacArthur ora susah ngrebut bali pulo Jawa barang. Tiwas mbu­wang tenaga, nyawa, lan wektu bae. Kathik kudu nyedhiyakake peralatan, sing yektine wus cumpen. Pihak Inggris, sate­mene wegah nampa tugas ngurusi Suma­tra karo Jawa. Kejaba anak-buahe wis akeh sing sayah merga perang, wilayah mau dudu wilayahe, dudu tilas jajahane. Ora ana urusan apa-apa. Ha teka ditugasi dikon ngurusi.
Ning, ha ya jeneng Sekutu, gelem ora gelem ha hiya kepeksa nindakake tugas mau. Kelakon tanggal 29 September 1945 pasukan Inggris ndharat ing Tanjung Priuk. Komandane: Letjen Sir Philip Christison, mbawahake mayjen D.C. Hawthorn (kanggo Jakarta); Mayjen A.W.S. Mallaby kanggo Surabaya, lan mayjen H.M. Chambers kanggo Medan.
Lha iya rikala ndharat ing Priok iki, di­goncengi pihak Landa; dumadi saka KL karo KKIL, dalah pemerintah sipile pisan.
 (Mobil sing ditumpaki Brigjen Mallaby kobong ing sacedhake gedhong Internaio, Surabaya (20 Oktober 1945).
 Ing Surabaya, Inggris ndharat tanggal 25 Oktober 1945, kekuwatane 6.000 jurit, komandane: Brigjen A.W.S. Mallaby. Ugal-Ugalan, dadak njur nyebar surat selebar­an, isine prentah amrih rakyat Indonesia padha masrahakake gegaman sing didar­beni nyang pihak Inggris. Terus ngluwari para tawanan Landa ing Kalisosok tanpa izine pihak Indonesia. Suwasana njur dadi tegang. Pihak Indonesia nulak mentah-mentah.
Iya ing ndalem situasi sing tegang ngono mau, tekaku wong loro dhek sa­mana ing Surabaya. Kakangaku, Djoko Utomo sing manggon ing papilyun. Kantor Gubernuran ngandhani aku wong loro, manawa saiki iki Surabaya lagi tegang; serdhadhu Inggris ubel-ubel (sing tembe­ne katelah serdhadhu Gurkha) wis wiwit gawe propokasi. Baris urut kacang siji­siji karo nyangga bedhil, mripate pendirang­an ngiwa nengen sajak nyujanani saben uwong sing dipethuki.
Embuh sapa sing miwiti, dumadakan bae keprungu suwarane mimis pating jle­dhor, saut-sautan. Pertempuran wis ke­lakon pecah.
Sajake persatuane rakyat mula wis gilig gumolong dadi siji. Sanyari bumi, sa­dumuk bathuk, ditohi pati, pecating nyawa sarta wutahing ludira.
Aku weruh Mas Ton ha teka iya njur entuk bedhil, melu campuh ing yudha. Per­tempuran sewengi natas; lha esuke bedhil-bedhilan katon rada mendha. Njur awane ngono, —iya ing Kantor Gubernur­an, aku weruh Bung Karno, Bung Hatta karo Menteri Penerangan Amir Syarifuddin rawuh. Dibarengi sawatara opsir Inggris.
Sawatara taun sawise kuwi, aku lagi ngerti, yen rikala kuwi pihak Inggris ke­seser ing pupuh. Malah-malah tembene Bung Tomo aweh keterangan manawa Inggris sing ana gedhong Internatio, kabeh-kabeh bakal mati kobong, yen ta Bung Karno karo Bung Hatta ora enggal teka Surabaya.
Soale, bareng Inggris ngrumangsani yen serdhadhu Gurkhano bakal akeh sing mati kobong banjur njaluk tulung nyang Bung Karno karo Bung Hatta supaya ker­soa nengahi pertempuran mau.
Priyagung loro dikantheni Menpen, karo sawatara opsir Inggris sing dadi peng­hubung, terbang nyang Surabaya. Saka ngisor ditembaki rakyat; njur saka radio keprungu suwarane Bung Tomo: ”Aja ditembak dulur-dulur. Mengko bae, yen wis ana ngisor kita serbu!”. Kalakon pesawat ndharat kanthi slamet.
Lan rakyat banget gawok dalah suka sukure dene sing metu katon Bung Karno, Bung Hatta karo priyagung sijine maneh sing isih durung patia dikenal (Iya Mr Amir Syarifuddin kuwi, sing dhek jaman Jepang diukum selawase urip ana kunjaran Lowok­waru, Malang).
Sing ngedab-edabi maneh, —miturut- keterangane Cak Roeslan Abdulgani, dhek samana Bung Karno ngasta gendera Merah-Putih, dikibarake ana ngarape para opsir Inggris mau. Metu saka lapangan ter­­bang opsir Inggris njaluk dikawal pa­sukan Indonesia, merga kuwatir yen bakal diserbu jalaran lapangan terbang mula iya wus dikepung pasukan pemuda Indonesia.
Rombongan tekan Kantor Gubernur; katon mayjen Mallaby, Gubernur Suryo, tokoh-tokoh liyane, uga jurubasa tuan Kundan, pedagang India sing simpati nyang gerakan kamardikan Indonesia. Iya prastawa iki sing dakweruhi karo Mas Ton. Wong loro saka Jakarta babarpisan ora nate ngira yen bakal dadi seksi sejarah.
Kerampungane rundhingan pertem­pur­­an dilereni sawise telung dina tembak-tembakan.
Terus didhapuk: Kontakbiro sing dadi sarana sesambungan antarane pihak Republik karo pihak Inggris.
Tanggal 30 Oktober esuk rombongan Presiden Soekarno kondur nyang Jakarta sarana nitih sepur. Lha bareng sorene, iya isih tanggal 30 Oktober mau ana pras­tawa sing gawe gendra temenan.
Mayjen Mallaby diwartakake tiwas, rikala lagi (arep) dianakake rundhingan an­tarane Kontakbiro karo pasukan Gur­kha/Inggris sing ana gedhong Internatio.
Sajrone sejarah Inggris, iya lagi sepisan ji iki, ana jendral Inggris sing nganti kapracondhang ing yuda; gugur, tiwas ing peperang­an. Gugure ana kutha Surabaya. Sura-ing-baya. 
Gugure Mallaby mujudake berita-jagadan; sumebar ing saindenge donya sarta gawe nepsune pimpinan tertinggi
 (Kekendelane arek-arek Surabaya ngusir penjajah sing nuwuhake anane Hari Pahlawan 10 Nopember 1945 “Merdeka atau Mati)
Angkatan Perang Sekuthu ing pulo Jawa, Jendral Christison. Minangka gantine Mallaby ditamtokake Mayjen E.C. Man­sergh, sing ing sabanjure ngetokake ultimatum/pangancam marang rakyat Sura­baya kabeh bae. Isine supaya ing wektu sing wis ditamtokake padha masrahakake sakehing gegaman sing didarbeni nyang pihak Inggris. Ora gegaman sing rupa bedhil pistol bae, ning uga klewang, keris, peso lipat lan sejenise maneh.
Kabeh-kabeh kudu ditindakake sadu­runge tanggal 10 Nopember 1945. Wus mesthi bae, ultimatume Mansergh mau ora digubris dening pamarentah propinsi Jawa Timur kanthi gubernure Raden Pandji Suryo, sing dibantu dening mayjen Sungkono, residen Surabaya Sudirman, walikota Pamudji, Roeslan Abdulgani dalah barisan pemuda sarta barisan buruh liyane sing wis gumolong dadi siji: ngan­dhemi kamardikane bumi Pertiwi, Re­publik Indonesia.
Sapa bae  dhek samana sing ana, ya? Pemerintahan Propinsi Jawa Wetan, pa­ma­rentahan karesidenan dalah kutha Su­ra­baya, Tentara Keamanan Rakyat (TKR), Pulisi, Pemuda Republik Indonesia (PRI), Barisan Pembrontak Rakyat Indonesia (BPRI), Laskar Buruh lan isih akeh maneh tunggale. Kabeh-kabeh emoh, ora sudi nu­ruti karepe si Inggris sing sawenang­ wenang. 
Tanggal 9 Nopember 1945 jam 21.00 Gubernur Surio pidato nyang ngarep corong radio; ditujokake marang rakyat Jawa Wetan kabeh, mligine kawula ing Surabaya, ngenani situasi sing diadhepi saiki iki. Terus dianakake hubungan karo Bung Karno ing Jakarta. Terus karo Menlu Ahmad Soebardjo. Tanpa kasil apa-apa. Jam 22.10 Gubernur Surio pidato maneh, nerangake manawa Pimpinan Pemerin­tahan ing Jakarta masrahake situasi Sura­baya marang rakyat dhewe. Dadi, ter­serah nyang kita dhewe.
“Ayo saiki nenuwun marang GustI Kang Maha Kuwasa amrih kita kabeh oleh kekuwatan lair batin dalah rahmat sarta taufiq ing ndalem perjuangan. Selamat       berjuang!”.
Mangkono kurang luwih pidatone Gu­bernur Surio kanthi tenang, wijang, tegas sarta manteb. Laras karo watak wantune priyagung sing pepake asma: Raden Adi­pati Ario Surio iki. Sajam sadurunge ulti­matume Mansergh entek wektune.
Esuke: 10 Nopember 1945 pecah per­tempuran ing Surabaya, ngandhemi Re­publik. Dikira Inggris bisa nguwasani kutha mau sajrone seminggu, ning nyata­ne lagi 3 minggu Surabaya lagi kena di­atur­ake: jatuh ke tangan musuh….




 


Pesawat terbang duweke Patnaik (India) nggawa obat-obatan ditembak Landa, 29 Juli 1974. Ceblok ing tengah sawah Yogya sisih Kidul Kulon. Sing gugur ana wong sawatara, salah sijine yaiku Komodor Adisutjipto, sing asmane dilanggengake kanggo njenengi lapangan terbang Meguwo, Yogyakarta nganti saiki.
Wus ginaris ing pepesthen, kaanane Republik sing isih anyar-anyaran iki, –akeh partai sing dibangun,– banjur kebak udreg-udregan antarane bangsa dhewe. Kabinet sing ing sakawit mujudake Kabinet Presidentil (diketuani sarta dipimpin Presiden) ganti dadi Kabinet parlementer. Sing mimpin paraga saka partai. Lha Republik Indonesia, dhek samana sing mimpin Perdana Menteri Sutan Syahrir saka “Sayap Kiri”.
Merga dianggep kakehan menehi kalodhangan nyang pihak Landa rikala nganakake diplomasi, kalungguhane digeser. “Sayap Kiri” pecah dadi loro; siji dipimpin Syahrir, liyane pimpinan  Amir Syarifuddin.
Kabinet Syahrir ambruk, diganti Amir sing ditugasi ndhapuk paprentahan anyar. Masyumi, partai Islam sing ana dhek aman kuwi, –ngajokake usulan sing ora bisa ditampa dening sang formatir.
Mangka Amir merlokake banget, amrih ing ndalem Kabinet-e ana wakil-wakil saka saben partai. Rehning Masyumi ora gelem diajak mlebu Kabinet, Amir banjur ajak-ajak tilas warga PSII, Partai Sarekat Islam Indonesia.
Mangka, dhek Nopember 1945 ing Yogya wis dianakake Kongres Ummat Islam, lan disepakati ngedegake partai Islamsiji bae. Ora pecah-pecah kaya dhek jaman penjajahan Landa biyen. Niat lan tekad iki disetujoni saben wakil partai Islam lan ormas Islam sing wis ana, sing dhek jaman penjajahan gumolong ana MIAI, Majlis Islam Ala Indonesia.
MIAI iki jaman penjajahan Jepang diganti dadi Masyumi, Majlis Syuro Muslimin Indonesia, anane iya ming ing tanah Jawa bae. Merga jaman Jepang, hubungan pulo siji lan sijine angel, ora gampang. Apa maneh ngenani organisasi utawa kumpulan barang kaya ngene iki.
Lha iya ing Kongres Ummat Islam sing dianakake ing Yogya sawise jaman kamardikan kuwi, ditetepake amrih Masyumi mujudake siji-sijine partaine ummat Islam.
Ing sakawit, Dr Abu Hanifah ngusulake, amrih jenenge partai anyar mau: Partai Islam. Merga ing Nederlan anaKatholieke Volks Partij (=KvP), lan iya partai iki sing saiki lagi mimpin pemerintahan, nganakake rundhingan karo pihak Kiblik.
Ning Kongres ora nyarujuki; kareben jenenge tetep “Masyumi” bae, merga jeneng iki wis kadhung populer ing kalangan bebrayan. Dadi, jenenge Partai Islam, Masyumi, tanpa ditegesi apa-apa. Dudu Masyumi jaman Jepang biyen. Beda; lain!!
Sejarah nyathet, durung ganep setaun umure Masyumi wis pecah. Merga PSII njaluk metu saka gabungan mau. Lha Amir Syarifuddin saikine kelakon bisa ngangkat Menteri saka kalangan partai Islam ing ndalem Kabinet sing kudu didhapuk. Umure Kabinet Amir iki ming 4 sasi, Juli nganti Nopember 1947; terus ditugasi mbangun Kabinet maneh. Iki mujudake Kabinet sing kaping lima ing ndalem Republik Indonesia sing rikala kuwi lagi umur 18 sasi.
Wakil PM-e ana papat; saben Menteri nduweni Menteri Muda dhewe. Terus ana maneh Menteri Negara, ana pitu. Ana Menteri Negara Urusan Makanan; ana Menteri Negara Urusan Peranakan, Urusan Kepolisian, Urusan Pemuda. Ana sing Menteri Negara thok, Sri Sultan Hamengku Buwono IX karo Anwar Tjokroaminoto.
Salah sijine Menteri sing diajokake PSII, Sekarmadji Maridjan Kartosuwirjo ning ora nate (apa ora gelem) teka, kirim tilgram nyang Presiden Soekarno surasane: “tetep disiplin nyang Masyumi, mula ora sanggup nampa jabatan Menteri Muda Pertahanan.”
Banjur diterusake anggone rundhingan karo Landa, sing sangsaya suwe sangsaya ngangseg; polahe kayadene sing diaturake ndhisik, Landa selak merlokake dhuwit kanggo ngragadi sakehing kegiyatane militer dalah politik, anggone nedya kepengin bali kuwasa ing bumi Nusantara iki. Mangka, sumber devisa-ne saperangan gedhe isih ana wilayah Republik. Mula saka iku, kudu direbut; yen ora bisa sarana alus (diplomasi), ha iya kepiye maneh; sarana kekerasan alias sarana militer. Sarana perang!
Nadyan ta ing ndalem perundhingan pihak Republik wis sering nuruti kekarepane Landa, ning pihak Landa sing mula niyat arep njajah Indonesia maneh, terus bae ngetokake ancaman-ancaman, kandhane “kepeksa migunakake kekuwatan militer”-e kanggo nguwisi kaanan sing –miturut Landa, mesthine, wis ora bisa dipertahanake maneh iki, ing ndalem bidang ekonomi, sosial lan militer.
Hebate, dene ing ndalem suwasana sing kritis lan banget mutawatiri mau, Wakil Presiden Hatta bisa mabur nyang New Delhi. Nganakake sapatemon karo Nehru sarta Mahatma Gandhi. Mesthine iya ngrembug bab kerja-sama sarta bantuan apa sing sakira bisa diwenehake dening pemimpin India leloro wektu iku.
Nehru mangsuli, manawa bantuan gegaman ora bisa, merga nganti titine dina iku Inggris sing isih nguwasani sakehing piranti perang. India bisa mbiyantu Republik Indonesia sarana protes, yen ta Landa main agresi. Protes nyang PBB, supaya tindakane Landa dihukum. Protes iki tertamtu ora bisa dianggep entheng dening Landa; merga dikepiyea kae, jenenge Republik Indonesia wis wiwit kondhang ing jagad internasional.
Hatta uga merlokake mertamu nyang omahe Mahatma Gandhi, sing uga aweh pambombong marang perjuangane bangsa Indonesia.
Sapatemone Hatta karo Nehru mujudake “reuni” merga dhek sadurunge Perang Donya biyen nate sapatemon ing Kongres Pemuda sa-Donya sing dianakake ing Eropa. Lha sing nepungake Hatta karo Mahatma Gandhi, iya Nehru.
Tertamtu lungane Hatta nyang India mau sacara winadhi. Mula ing paspor-e disebut jenenge Abdullah, pakaryan co-pilot.
Pesawat terbange sing nduweni: Patnaik, mitra darmane Nehru sing mula ditugasi nyang Sumatra perlu nggawa obat-obatan kanggo keperluan Republik. Lan sajakane wis gedheg-antuk, Hatta bakal dipethuk ing Sumatra kono.
Baline Hatta nyang Indonesia iya bareng Landa wis kelakon nyerbu Republik 21 Juli 1947 kuwi, lha bisane mulih nyang Yogya bareng suwasana politik karo Landa wis beda maneh.
Ora nate-natene kelakon, esuk-esuk Menteri Pertahanan Amir Syarifuddin teka ing Kantor Berita Antara. Jalaran Ngabean cedhak Gedung Agung. Dibarengi Armyn Pane, sastrawan kondhang ning uga politikus ulung. Mr Amir gemang ditemoni sapa bae, kejaba Mas Djawoto, sang Pem.Red Antara. Diterangake, manawa mau esuk uthuk-uthuk pesawat pembom Republik nindakake pengeboman ing kutha Semarang lan pesawate kelakon bali kanthi slamet.
Kabar mau tertamtu ditampa kanthi suka gembira dalah bombonging ati, dene Republik dikepiyea kae, kelakon bisa mbales nyerang mungsuh. Mr. Amir njelasake, anggone keraya-raya teka dhewe nyang Antara iki mau, ora liya mung kanggo ngyakinake, manawa serangan udara pihak Kiblik nyang mungsuh iki mula warta sing beneran kelakon.
Eee, let sawatara dina lelakon mau, kesusul anane warta sing nyedhihake. Merga pas 29 Juli wektu sore bakda ngasar, Landa nembak jatuh pesawat Dakota, duweke Patnaik, rikala pesawat iki wis meh ndharat ana Yogya. Pesawate ceblok ngrungkeb ana tengah sawah, penumpange padha tiwas, kejaba ming siji sing slamet, Abdulgani sing tembene dadi pengusaha.
Tertamtu prastawa mau gawe geger ora ming geger njeron negara bae, ning uga gegere jagad internasional, merga sing dadi kurbane saperangan akeh wong manca. Kathik sing nduweni pesawat, wong India pisan, yaiku Patnaik sing mula wis akeh lelabuhane nyang perjuangane bangsa Indonesia.
Sing ugal-ugalan tenan ki ya pihak Landa, khusus kaum militer-e. Jendral Spoor kandha manawa pihak Landa nembak pesawat mau, merga pesawate ora migunakake tandha “palang-merah”. Malah-malah, –embuh kanggo nutupi blo’on-e, embuh blo’on tenan,– kandhane, pilot-pilot Landa ngira yen pesawat sing ditembak kuwi kaya pesawat pemburu Jepang (?). Iki bisa diwaos ing Historisch Archief Keesings, 1947.
Komentare Komodor Udara Suryodarmo: “Rikala iku cuaca isih terang, srengenge isih durung angslup. Jejer dadi penerbang, mesthine si Landa kuwi rak wis bisa mbedakake endi sing pesawat bomber endi sing pesawat penumpang ….”
Perang kolonial Landa terus tumindak; Landa mbergudul. **

Jimat Kemule Wong Mati

Parman, priya umur 40-an taun. Nelayan saka Desa Kawunganten, Cilacap. Dheweke nekad ndhu­dhah kuburane wong mati, njupuk ke­mule saperlu didadekake jimat.
Dheweke nganti nekad merga sanggan ekonomi kang nyepit kulawargane. Dhe­weke uga entuk inspirasi saka kancane kang saiki malih sugih kanthi dalan aneh. Sawise nyolong kemule wong mati Sela­sa Kliwon, kancane mau dadi sugih. Mu­la, Parman uga kepengin sugih kaya kan­cane iku.
Merga durung ngerti, ing sawijining dina dheweke takon marang kancane, “Ge­neya kudu wong sing mati Selasa Kli­won?”
“Iki wis dadi syarat sing kudu diper­caya,” wangsulane kancane.
Sabanjure, Parman nganti pirang-pi­rang wulan anggone ngenteni lan ndhe­dhepi wong sing mati pas Selasa Kliwon. Sawise suwe ngenteni, pengarep-arep iku pungkasane bener-bener teka.
Untung banget wektu iku, sebab sing mati bocah cilik. Kanthi mangkono Par­man luwih gampang anggone njupuk ke­mule jisim kasebut.
Jebul njupuk lan ngrebut kemule wong mati iku totohane nyawa. Kejaba kudu waspada marang juru kunci kubu­ran, uga kudu mati-matian ing proses nju­puke. Nalika ndhudhah kuburane wong mati, uga ora oleh nganggo gaman apa wae. Dadi kudu nganggo tangane loro. Bab iki sing kudu digatekake, supaya rituale kasil. Yen taline wis ucul, kudu age-age narik kemul kasebut. Nanging na­rike kudu nganggo untu. Lan pira wae ukurane kemul sing bisa dijupuk, mula su­wekan iku sing kudu digawa bali dida­dekake jimat.
“Kowe ora oleh njupuk bola-bali. Cu­kup sakenane wae. Untung yen kowe bisa entuk suwekan sing amba, saengga kowe bisa tambah sugih,” kandhane kan­cane ing sawijining dina.
Percaya apa ora, saben uwong sing nindakake ritual iki, dheweke kudu gelut karo mayit sing kemule arep dicolong mau. Iki pancen aneh. Ning mbokmena­wa wae mayit iku wis diangslupi dening roh jahat, saengga te­nagane bisa kuwat. Parman wektu iku be­ner-bener ora nyang­ka yen wong mati iku duwe tenaga kang lu­wih gedhe dibandhing tenagane manungsa urip. Nadyan sing di­ju­puk Parman kemule bocah cilik, ning tena­gane kaya wong di­wa­sa. Apa maneh yen sing dicolong Parman iku kemule wong di­wasa, genah dhe­weke ora bakal kuwa­gang. Ora mokal akeh wong kang ora sang­gup lan gagal nindak­ake ritual iki.
Apa maneh yen sing nyolong kalah mung­suh wong mati, mula sing arep nyo­long bakal babak be­lur, malah ora se­thithik sing cacat awake merga diantemi dening wong mati.
Yen wis entuk kemule wong mati, ke­untungan urip candhake bisa dikandhak­ake wis ana ing ngarep mata. Sapa wae sing duwe kemule wong mati bisa njaluk apa wae marang wong mati sing dico­long kemule.
Mula, sapa wae yen wis entuk kemule wong mati sing dijupuk saka kuburan nggunakne cangkem, sawise tekan omah langsung disimpen wae neng lemari, ngenteni wektu sing pas kanggo miwiti. Eling, kemule wong mati iku aja nganti diumbah. Carane nggunakake uga gam­pang. Kemule wong mati kasebut diga­we sumbu lampu teplok. Pas jam rolas, uga ing malem Selasa Kliwon, lampu kanthi sumbu kemule wong mati kasebut lagi disumet, sawise luwih dhisik nindak­ne ritual lan maca mantra. Sawise sumbu lampu iku murub, beluk saka sumbu kemule wong mati iku banjur ngluyur tekan ngendi-endi. Wong mati sing duwe kemul bakal ngambu beluk iku, lan lang­sung weruh ing ngendi kemule. Kanthi cara iki, bisa dipesthekne wong mati sing duwe kemul iku banjur mara menyang omahe sing nyolong kemul kasebut. Wong mati iku terus ngubengi omahe sing nyolong kemule lan njaluk bali kemule.
Wong mati sing kelangan kemul iku bakal nangis njaluk kemule dibalekake. Nah, ing wektu iku, wong sing nyolong kemule bisa njaluk apa wae. Bisa njaluk dhuwit, mas-masan, lan apa wae sing dipengini.
Mula, nalika Parman nyoba sepisanan, dhe­weke mrinding, lan melu nangis. Ning kanggo urusan weteng lan eko­nomi kulawargane, ritual kasebut kepeksa dite­rus­ake.
Wektu Parman nyu­wek kemule wong mati digawe sumbu, ana pe­rasaan liya kang dira­sakake wektu iku. Pera­saan itu tansaya ora ka­ruwan wektu sumbu ke­mule wong mati iku wiwit disumet ing jero ka­mare, banjur murub lan ngetokake beluk ngebaki ruwangan. Aneh, ujug-ujug saka arah cendhela kamar, ana swara tho­thokan kang dibarengi tangisan, sarta sambat njaluk pitu­lungan.
“Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku! Wenehna aku butuh, Pak!”
Mangkono swara bocah cilik sing ana njaba cendhela ngrerepa. Parman ngerti yen iku swarane bocah mati sing tau dijupuk kemule.
“Kemulmu bakal tak balekne, ning mengko yen aku wis duwe omah dhewe sing apik. Mangkane, kowe kudu mbantu aku supaya aku duwe omah apik sa­engga kemulmu tak balekne,” janjine Parman.
Ora let suwe swara iku ilang embuh menyang ngendi. Parman uga langsung mateni lampu teploke.
Nanging apa kang kedadeyan saban­jure? Aneh, ning nyata! Ora let suwe Parman nemu dhompet kang isine mas-masan. Iki durnadi wektu dheweke arep budhal golek iwak menyang segara. Nalika didol dheweke entuk dhuwit meh 50 yuta.
Sing uga ora masuk akal, suwene telung wulan asile golek iwak tansah akeh. Sasuwene dadi nelayan, dheweke durung nate entuk iwak kang akehe kaya ngono.
“Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku! Wenehna, aku butuh, Pak!”

Ing pethiting wulan katelu sawise nindakake ritual nyolong kemule wong mati, Parman bener-bener bisa klakon duwe omah dhewe kang lurnayan apik miturut ukuran ing kampung nelayan papan omahe. Nanging, Parman ora gelem mandheg tekan semono. Malem Jemuah Kliwon sabanjure dheweke nyumet lampu kanthi sumbu morine wong mati iku. Lelakon kaya sadurunge dumadi maneh.
“Tulung, Pak! Balekna kemulku. Aku ora tahan maneh, aku ora kuwat, Pak!” tangise bocah iku maneh. Parman uga janji maneh.
“Yen kowe pengin tak bantu, kowe uga kudu mbantu aku. Aku pengin sepe­dha montor anyar. Yen kowe bisa mbantu, kemulmu mengko tak balekne,” kandhane.
Swara iku uga ilang kaya digawa angin. Lan apa kang dumadi sabanjure bener-bener luwar biyasa. Tanpa dinuga lan dinyana-nyana, Parman nemu dhom­pet maneh isi mas-masan, saengga dheweke bener-bener bisa tuku sepedha montor anyar.
Sabanjure, Parman tansaya percaya marang keampuhane jimat kemule wong mati kaya kang dicritakake Badrun, kancane. “Pantes, Ba­drun tambah sugih. Sa­jake yen pengin apa wae dheweke kari nyu­met lampu sumbu ke­mule wong mati,” batine Parman.
Pancen, sawise du­we jimat iku pangu­ripane Parman owah drastis. Dheweke dadi wong kang cukup kon­dhang ing kampunge.
Nanging, musibah pungkasane dumadi. Kompor gas kang kabe­ner digawe masak bojo­ne njeblug. Bojone ting­gal donya kanthi ka­hanan sakojur awake gosong. Separo omah lan isine uga katut ko­bong.
Lungane bojone me­nyang alam kubur meh wae ndadekake Parman stres. Mula, dheweke banjur mbalekake kemule wong mati iku menyang kuburan.
“Aku yakin apa sing tak lakoni wis nekakake kutukan,” kandhane Parman. Dheweke ngaku lila dadi wong susah maneh, dadi nelayan.
“Aja pisan-pisan nyonto penga­lamanku iki. Iki mung dijupuk hikmahe wae, yen kabeh iku bakal bali menyang asale. Lan kabeh wis ditakdirne sarta digarisne dening Gusti Allah,” sambunge Parman kang bener-bener wis insyaf.
Muga-muga bisa dijupuk hikmahe saka lelakone Parman mau.

Setan Melet

malem minggu ngene iki penake mlaku-mlaku neng ngendi ya?” pitakonku marang kanca-kanca sak kerjowan.
“Piye nek neng Batu wae? Ana omahe sedulurku sing bisa disilih kanggo malem minggon,” Oni, salah sijine kancaku, usul.
“Wah sip kuwi, setuju! Mulih kerja wae ya budhale mrana!”  aloke kanca-kanca liyane mbungahi. Batu pancen nyenengake yen kanggo lelungan apadene liburan. Hawane adhem, sesawangane ngelam-elami.
Sidane aku sakanca budhal wanci surup samulihe saka kerjowan. Kanca-kanca wis dha entuk sangu, bayaran minggon saka perusahaan. Tur dening bose isih dipalilahi nggawa mobil kantor, dadi ora kelangan ongkos kanggo transport. Aku budhal bareng kancaku nenem lanang kabeh.
Neng perjalanan kanca-kanca padha ngobrol karo guyonan ngalor ngidul. Kadhangkala uga gojlog-gojlogan bab cewek. Maklum aku sakanca iki isih jomblo alias durung duwe pasangan. Aku dhewe iwut nyekeli stir mobil sinambi ngudud. Udan kang ceblok wiwit saka Surabaya durung terang nalika lakuku ngambah laladan Malang. Nanging malah mapan kebeneran awit dalan-dalan dadi longgar merga ora patiya akeh kendaraan sing semliwer.
Saka Malang munggah menyang Batu dalane uga sepi njalari lakune mobil sing tak sopiri lancar jaya.  Pas jam setengah sanga  aku sakanca wis tekan omahe sedulure Oni kang arep dienggoni nginep. Omahe lumayan gedhe, apik tur latare amba. Swasanane kepenak,  hawane adhem kathik cedhak pos satpam pisan. Aku nicil ayem awit kanthi anane pos satpam mau keamananku sakanca dadi luwih terjamin.
Jam semono mau isih akeh wong ider panganan sing wira-wiri. Mbuh soto, sega goreng, sate ayam utawa bakso. Nanging anehe, saben ana bakul panganan liwat lan tumoleh menyang omah iki lha kok mesthi mlayu karo sajak kamiweden. Ning aku ora patiya ngrewes,  tetep mbukak regol ngarep terus nglebokake mobil menyang plataraning omah magrong-magrong iku.
Sawise markir mobil, kene leren sedhela neng terase omah. Oni  mbukak lawang omah karo ngurubakae lampu-lampune. Bareng wis kena dileboni, barang-barang  kang ana njero mobil diusungi mlebu. Sinambi guyonan, aku sakanca seneng sebab bengi iki bisa refreshing menyang Batu.
Durung suwe olehku leren, kancaku kang aran Sigit kepengin mudhun maneh menyang kutha Malang saperlu arep tuku klambi. Jarene Sigit mumpung wis tekan Batu tur ana kendharaan nganggur eman nek ora diselangake dolan-dolan pisan menyang Malang. Pepenginane Sigit disarujuki Yusdi lan kanca liyane. Nanging aku aras-arasen melu merga saranduning badan krasa lungkrah. Mula aku banjur  ditinggal ijenan ana omah kene.
Salungane kanca-kanca, aku nyetitekake omah iki kanthi premati. Omah iki gedhe nanging singlu, njalari githokku krasa mrinding. Pas mengo nyawang menyang ngarepan  satpame  ngawe-awe ngundang aku. Satpam kuwi sajake arep omong karo aku nanging ora tak gubris amarga  awakku kesel banget. Lan maneh mripat iki kok sajake ora kena diajak kompromi, wong pancene ngantuk tenan.
Aku mlebu kamar langsung ngglethak njujurake boyok. Awak krasa lungkrah merga sedina mbetethet nyambutgaweneng pabrik. Ora krasa mak leess aku keturon. Embuh pira suwene anggonku ngliyep nalika lamat-lamat aku krungu swara gumrenggeng neng ruwang tamu, kaya swarane wong jagongan. Nanging mripatku  isih kelet lan angel kanggo melek. Rumangsaku terus ana pawongan mlebu kamar lan ngadeg neng sapinggire dhipan karo nggoyog-hoyog kasur. Ning ora dak rewes krana saking ngantukku.
Tengah wengi aku nglilir merga kebelet nguyuh. Aku gumregah metu saka kamar. Tak deleng ruwang tamu sepi nyenyet ora ana sapa-sapa. Cah-cah ki wis padha bali apa durung ya, batinku. Yen durung teka terus swarane wong jagongan neng ruwang tamu mau swarane sapa? Ning nek wis teka terus padha menyang endi bocah-bocah kok ora ana benene.  Apa kabeh wis padha turu?
Aku eling menawa aku lagi kebelet nguyuh, mulane banjur bablas menyang kamar mandhi. Sawise pipis aku  terus raup amrih raiku rada seger sethithik. Metu saka jedhing aku arep bali menyang kamar. Nanging saka kamar sebelah aku krungu swarane wong ngorok senggar-senggor. Ah paling-paling kuwi swarane cah-cah kang wis padha bali terus turu. Ning sapa ya kang ngorok banter kaya ngono kuwi?
Aku pingin ngerti sapa wae sing turu ana kamar kono. Kamar tak bukak, ning swasanane peteng merga lampune mati. Ana blegere manungsa sing gumlethak ana dhipan ning aku ora pati cetha sapa kang lagi turu kuwi. Saklar lampu tak urupake. Merga penasaran wong kang lagi turu mau tak cedhaki. Sikile tak dumuk, eh ndadak wonge tangi karo angop. Mak tlolor, ilate ceblok menyang jubin! Aku kaget, nanging arep mbengok rasane cangkem kaya dikunci. Tanganku sraweyan nganti ora krasa  nyenggol pigura foto. Pigura  ceblok ajur dadi sawalang-walang.
Dumadakan kaya ana tenaga kang nyurung aku. Aku njranthal mengarep. Mbukak lawang ruwang tamu  langsung mbradhat menjaba  marani pos satpam. E lha kok ndilalah satpame pas turu. Nengah-nengahi aku kebingungan lan kaweden ana bakul sate ayam liwat. Bakul sate tak endheg kanthi gupuh.
“Pak sampeyan mandheg dhisik,” alokku karo krenggosan.
“Wonten menapa ta mas, kok ketingale kados nembe diuber setan,” pitakone bakul sate mau ayem.
“Iya pak. Aku mau mentas saka ngomah kono, ndadak diwedeni dening setan ilat dawa.”
“Menapa kados ngaten,” ujare bakul sate mau karo melet. Mak tlolor, ilate dadi dawa nganti klengsreh lemah. Aku njola. Pet, sakala panduluku peteng,  ora krasa aku semaput.
“Jar, Fajar tangi! Ana apa kok kowe turu neng tengah dalan kaya ngene?” awakku krasa dihoyog-hoyog. Aku melek. Dak sawang  akeh uwong sing ngrubung aku. Bareng kesadharanku pulih aku banjur tangi. Diulungi banyu mineral, terus ditakoni werna-werna dening kanca-kancaku.
Sirahku isih rada ngelu nanging aku wis bisa nyritakake kedadeyan kang mentas dakalami. Wiwit diketoki setan ilat dawa ana kamar nganti mlayu mengarep lan ketemu setan ilat dawa maneh kang memba-memba bakul sate.
Sawenehing warga sing umur-umurane sewidakan taun banjur crita menawa omah kuwi biyen nate kanggo ngubur jisime pawongan kurban rajapati. Nalika omah kasebut direnovasi, kuburane kurban ora dikedhuk lan dipindhah menyang panggonan samesthine nanging malah disemen rosa.

Ditimbali Kanjeng Ratu Kidul

Manggone ing bangunan kuna tinggalan jaman Landa sing katelah Kamar Bola. Dijenengi Kamar Bola jarene merga dhek jaman penjajahan Landa biyen papan kono kuwi mujudake gedhung kang­go main bola sodhok utawa billiard. Sawise Indonesia merdika gedhong Ka­mar Bola iku banjur digunakake kanggo sekolah SMA partikelir, lan pener, Ben­teng Walanda banjur dibangun dadi Mas­jid Raya Klaten.
Bangunan Kamar Bola kalebu bangu­nan kang wingit. Akeh lelembut kang manggon ing omah kuwi. Ewasemono wong tuwane Bambang sak kulawarga ora wedi mapan ing seperangan bangu­nan kuwi minangka tukang kebon sing kejibah reresik lan nunggoni Kamar Bola sakpekarangane. Diwedeni maneka war­na lelembut, dikeloni gendruwo, utawa dipindhah mapane turu menyang papan-papan sing nylempit utawa ing wuwung­an omah wis asring dialami Bambang wiwit isih cilik. Nanging ya ora nda­dekake kapok, malah kaya-kaya bab kuwi kaya gegojegan.
Prastawa iki dumadi ing taun 1976, nalikane Bambang isih bujang lan wong tuwane sing sithik-sithik ngerti carane nyrawungi alaming le­lembut isih sugeng.
Sajroning selapan dina wis kaping telu Bambang ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit kraton nitih kre­ta kudha. Prajurit-prajurit kuwi ngajak Bambang supaya gelem sowan marang Kanjeng Ratu Kidul ing Kraton Segara Kidul. Nanging Bambang ora mangsuli. Saguh ya ora nulak ya ora. Wekasane ka­ping telu prajurit-prajurit sing ngaku utusane Kanjeng Ratu Kidul kuwi kepeksa bali nglenthung ora oleh gawe.
Nalika kedadeyan kuwi dicritakake marang bapake, bapake mbenerake si­kepe Bambang sing ora njawab panga­jake prajurit-prajurit saka alam gaib ku­wi. Sebab yen Bambang nganti njawab lan gelem melu mbok menawa Bambang ora bakal bisa bali mulih.
Kaping telu utusane Kanjeng Ratu Kidul cabar ora oleh gawe ngajak Bam­bang sowan ngabiyantara. Dumadakan ing sawijining wengi, kira-kira jam siji nalika Bambang lagi teturon ing lincak teras omahe, ngerti-ngerti kok wis pin­dhah lungguh ing gi­sik­ing samodra Sega­ra Kidul. Banyu kang jembar alerap-lerap, ombak kang oyak-oyakan dhuwure sao­mah-omah, lan nu­wuh­ake swara jumle­gur yen padha tabrak­an, gumelar ing pang­arepane.
Bambang dicandhak, diangkat mendhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake sakayange menyang tengahe samodra sing lagi rob.
Durung entek gu­mune lan durung ngan­ti kecekel ngira-ira posisine mapan ing perangane Segara Ki­dul sisih ngendi. Ora ngerti sangkan para­ne, dumadakan ana piyayi sepuh marani Bambang. Piyayi se­puh kuwi jenggote dawa wis putih kabeh, nyandhang pengang­go cara sunan jaman mbiyen, jubah lan serban sarwa putih, nggawa teken dawa gilap warna kuning emas.
“Mengku karep apa kowe tekan pa­pan kene?” pitakone piyayi sepuh kuwi.
Bambang kaget nampa pitakonan kuwi. Rumangsa dheweke ora sengaja mapan ing papan kono. Bambang banjur njawab sak kenane: “Kula namung pe­ngin ningali samodra Segara kidul ing­kang nembe rob.”
“Ngerti samodra lagi rob kok malah ditonton. Apa Kowe ora ngerti bebayane? Ngertiya, kowe bisa kesaut ombak lan keseret alun tekan tengahe samodra? Yen kepengin slamet kowe sumingkira saka papan kene! Kana minggir ngadoh saka gisiking samodra sing lagi rob ngge­gilani iki!” prentahe piyayi sepuh kuwi ngeman marang keslametane Bambang.
“Mboten, Kyai, kula mboten badhe kesah saking papan mriki. Kula mboten ajrih sanajan ningali alun samodra ageng­ipun sakgunung-gunung,” wang­sul­ane Bambang mbeguguk ora gelem lunga.
“Dikandhani wong tuwa kok ora ma­nut. Apa Kowe njaluk tak uncalake ing tengahe samodra kana?” kandhane pi­yayi sepuh kuwi karo ngancam.
“Sumangga menawi Panjenengan kagungan kersa mekaten. Nanging kula tetep mboten badhe kesah saking papan mriki,” panantange Bambang.
Entuk wangsulan sing sajak nantang, piyayi sepuh kuwi kanthi praupan kang nandhakake lagi duka banjur marani Bambang sing isih lungguh sila ing wedhi. Bambang dicandhak, dijunjung dhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake saka­yange menyang tengah­e samodra sing lagi rob. Awake Bambang kemle­yang tiba ditampani alun kang gedhene sakgu­nung anakan, banjur di­seret ing tengahe sa­mo­dra.
Kedadeyan kang aneh ngelok-eloki dia­lami Bambang. Arep ora percaya, nyatane Bam­bang rumangsa nga­lami. Arep percaya, kedadeyan iki kok kaya mokal lan ora tinemu nalar. Nanging kabeh kuwi yen Gusti Kang Maha Kuwa­sa sing ngersakake, ora ana barang mokal sing ora esoh klakon.
Sawise diuncalake dening piyayi sepuh sing nyandhang kaya cara Sunan, Bambang weruh banyu Se­gara Kidul kaya mbiyak dadi rong pe­rangan kiwa tengen. Bambang tiba ing tengah-tengahe sing ora ana banyune. Wangune tengah-tengah kuwi mujudake dalan kang nuju ing Kraton Segara Kidul. Dalan kuwi dumadi saka lemah sing alus lan ora kena banyu. Garing ora teles. Bam­bang banjur mlaku tumuju regol kraton sing wis wiwit katon ing jarak udakara satus meter adohe. Sajroning mlaku nuju regal Kraton Segara Kidul kuwi Bambang krungu swara pating bengok ing kiwa tengen lan ing mburine Bambang. Swara-swara kuwi ana sing nyeluki jenenge Bambang, ana sing sambat-sambat njaluk tulung kaya swa­rane wong-wong sing lagi kerem keseret ombak.
Ngrungokake swara-swara sing pa­ting bengok kuwi Bambang kaya meh ora kuwat, kepengin noleh banjur aweh pitulungan. Nanging Bambang sadhar yen swara-swara kaya mengkono kuwi biyasane mung mujudake panggodha sing yen dituruti mung bakal nyilakani. Pungkasane Bambang nggedhekake tekad kanggo terus maju sowan Kanjeng Ratu Kidul lan ora ngrewes sakehing swara panggodha senajan nangis ngre­rintih njaluk tulung utawa celuk-celuk jenenge memba swarane wong sing wis dikenal.
Tekan regol kraton kapisan Bambang dicegat prajurit jaga cacah loro sing siyap siyaga nggawa gaman tumbak lan tameng.
“Mandheg dhisik, Kisanak! Kowe arep mlebu Kraton Segara Kidul, apa keperlu­wanmu?” pitakone prajurit jaga sing bre­ngose sakepel.
“Kula badhe sowan Kanjeng Ratu Kidul. Awit sampun kaping tiga kula di­tim­bali Kanjeng Ratu, nembe saged so­wan sakpunika,” wangsulane Bambang.
“Yen pancen sowanmu merga ditim­bali tak paringi palilah, nanging kowe kudu laku ndhodhok. Ora kena mlaku nga­deg kaya wong ora duwe sopan san­tun arep ngadhep ratu. Lan Kowe ora kena dlajigan sakarepmu dhewe. Ngerti, Kisanak?”
“Inggih kula mangertos lan badhe ngestokaken dhawuh lan nggatosaken pesen Panjenengan,” wangsulane Bam­bang.
Bambang banjur mlaku ndhodhok tumuju Kraton Kidul. Ana regol cacah telu sing kudu diliwati Bambang. Telu-telune dijaga prajurit sing gagah lan nggawa gaman tumbak lan tameng. Sawise ngliwati regol sing kaping telu Bambang mlebu plataran kraton. Nyawang meng­arep Bambang weruh wewangunan kraton saka ngisor nganti ndhuwur, saka pondhasi nganti atap sirap bangunan kabeh katon putih sing digawe saka balung-balung manungsa sing ditata rapi. Senajan bahane digawe saka ba­lung menungsa nanging katon rapet lan pengkuh.
Mlebu pendhapa kra­ton Bambang wis ditunggu Kanjeng Ratu Kidul sing lenggah ing dhampar ken­cana. Dhampar lenggah­ane Kanjeng Ratu Kidul dawane kira-kira karo te­ngah meter. Tanganane dhampar kaentha ukiran ula. Kabeh warnane ku­ning mengkilap digawe saka emas. Kanjeng Ratu menganggo sarwa ijo, rik­mane diore dawa ngagem makutha emas. Ing kiwa tengene Kanjeng Ratu lungguh dhayang-dha­yang patah sakembaran sing ayu-ayu rupane, umur kira-kira sangang taun. Kanjeng Ratu banjur ngawe Bambang supaya nyaket.
“Bambang, tekamu mrene pancen tak kersakake merga aku ngerti kowe bocah enom sing sregep tirakat lan laku prihatin. Nanging sadurunge aku wawan pangandikan karo kowe sing akeh-akeh, kowe tak keparengake mubeng lingkung­an kraton kanggo nonton­nonton kaha­nane Kraton Kidul kene.” Bambang matur sendika lan banjur pamitan arep nonton-nonton kahanane kraton.
Ing mburi kraton Bambang weruh ana dhapur kang jembar banget. Nalika mle­bu pawon Bambang kaget meruhi ana pawonan cacah telu sing gedhe – gedhe lan genine tansah murub amarga terus disugoni bahan bakar. Anehe bahan bakar sing kanggo ngurubake pawonan kuwi ora saka kayu utawa karet nanging balung-balung jrangkonge manungsa. Ing sacerake pawonan ana pasedhiyan tumpukan balung-balung jrangkonge manungsa sepirang-pirang sing siyap disugokake ing cangkeme pawonan sing katon panas geni mulat-mulat. Bambang rumangsa miris banjur age-age metu saka dhapur raseksa sing nggegirisi kuwi.
Ing mburi dhapur katon ana paviliun sing akeh cacahe. Ana paviliun mligi kanggo wong lanang, ana paviliun mligi kanggo wong putri, lan uga ana paviliun mligi kanggo nom-noman setengah tuwa sing rupane bagus-bagus lan ayu-ayu. Lan sing gawe mirise ati ing kono uga ana bangunan gedhe kanggo papan panyiksan. Ing papan iki akeh wong disik­sa. Tangan dirante digantung munggah, banjur wong-wong sing mung nganggo kathok cendhak ireng kuwi awake saku­jur dipecuti nganti getihe mili pating dle­wer. Ganda amis nduleg irung. Jerit-tangise ngebaki ruwangan gawe melas wong sing ngrungokake. Bambang ora betah suwe-suwe ing papan kono, dhe­weke banjur metu.
Sawise dirasa cukup anggone ngu­bengi lingkungan kraton Bambang banjur bali sowan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu lan dhayang-dhayang patah sakem­baran isih lenggahan nunggu sowane Bam­bang.
“Kowe wis ngubengi kabeh lingkung­an kraton. Saiki aku arep nerangake apa sing wis kok weruhi nalika mubeng-mu­beng mau,” ngendikane Kanjeng Ratu sawise Bambang bali sowan ngabian­toro.
“Wong-wong sing ana paviliun mburi kae mau wong-wong sing kalap ing pa­pan kene lan tak kersakake dadi kawu­laku. Dene nom-noman bagus-bagus lan ayu-ayu ing paviliun sing kok weruhi mau bocah-bocah sing banget ditresnani ba­pak-ibune ngungkuli tresnane marang anak-anake liyane nanging tak kersakake dadi kawulaku ing kene. Ing kene nom-noman kuwi uga dadi abdi kinasihku. Mula wong-wong tuwa sing anake padha kalap ing kene ora perlu susah merga ing kene anak-anake iya entuk pangu­ripan sing kepenak.
Dene wong-wong sing padha disiksa kae wong-wong sing padha wani nantang aku, lan padha dlajigan ing papanku, apa maneh padha tumindak saru ing papanku sing tak anggep suci.
Banjur wong-wong sing mung katon balung-balung jrangkong sing padha di­dadekake bahan bakar kanggo ngurub­ake pawonan ing dhapurku, kuwi wong-wong sing padha golek pesugihan ing tanah Jawa sing wis tekan janjine. Pan­cen kanggone wong­wong sing padha kepengin sugih kanthi gampang, ora gelem nyambut gawe kanthi rekasa, ing tanah Jawa kene iki wis tak gelar papan-papan kanggo golek pesugihan. Iki pi­nangka pacoban marang imane ma­nung­sa. Yen wong kuwi wis tekan jan­jine, wong kuwi bakal digawa mrene disiksa dadi bahan bakar pawon gedhe sing genine panas mulat-mulat kuwi mau, ngendikane Kanjeng Ratu Kidul njelasake werdine apa wae sing wis di­we­ruhi Bambang ing papan kono.
“Piye, Mbang, apa kowe kepengin sugih mblegedhu sarwa turah, nanging pungkasane dadi bahan bakar disugok­ake ing pawonan kaya wong-wong kae mau?” pandangune Kanjeng Ratu ma­rang Bambang.
“Mboten, Kanjeng Ratu. Kula mboten kepengin sugih yen samangkenipun na­mung dados hurub-hurub pawonan ing­kang sakelangkung panas. Kula trimah dados tiyang ingkang gesang cekapan, syukur tirah saged kagem sodaqoh,” wangsulane Bambang.
“Yen ngono aku mangestoni. Saban­jure aku marengake kowe bali nyang ngomahmu. Nanging welingku sing perlu kok gatekake: Sepisan, yen kowe kepe­ngin ketemu aku, yen ora dhong pinuju pisowanan aku bakal teka nemoni kowe. Syarate kowe kudu sesaji: sega putih, banyu putih, kopi pait, gedhang mas di­ga­we kolak ora nganggo gula, iwak ayam dhadha menthok, menyan lan merang pari ketan ireng. Kaping lorone, pesenku kowe mengko yen bali mulih sajroning njangkah 100 meter sanjabane regol, senajan krungu swara apa wae aja me­nga-mengo lan aja nyaut utawa mangsuli senajan krungu swara celuk-celuk je­nengmu. Wis saiki kowe tak tundhung bali saka papan kene. Aja kesuwen ma­pan ing kene, iki dudu papanmu!”
Sawise ngaturake gunging panuwun lan nyuwun pamit, Bambang enggal-enggal ninggalake Kraton Kidul kanthi laku ndhodhok nganti tekan regol sing pungkasan. Sawise ngliwati regol Bam­bang mlaku biyasa ing dalan sing kiwa tengene banyu segara ngilak-ilak kanthi ombak gedhe siyap arep nglelep dalan kuwi nanging ketahan sawijining tembok sing ora katon. Ing samburine Bambang lan sakiwa tengene keprungu jumerite wong-wong bengok-bengok njaluk tulung kaya lagi glageban keseret alun ombak samodra kang lagi rob. Nanging nuhoni welinge Kanjeng Ratu Kidul Bambang ora ngrewes swara-swara kuwi mau kabeh. Sakjane abot yen dirasakke nanging nge­lingi yen kuwi mau kabeh mung go­dha Bambang nahan rasaning ati. Lakune madhep mantep tumuju ngarep arah mulih nyang ngomahe dhewe.
Entuk 100 meter langkahe Bambang saka regol sing pungkasan, dumadakan ana angin gedhe sing tumiyup santer mbuncang Bambang mumbul angkasa. Ngerti-ngerti Bambang wis bali turon ana lincak ing emper omahe. Alhamdulillah Bambang ngucap puji syukur marang Gusti kang akarya jagad lan isih tetep nyayomi dheweke sawise nglakoni keda­deyan sing luar biyasa.
Seminggu sawise kedadeyan kuwi Bambang nemokake pusaka loro cacahe ing ngarep omahe nalika lagi mbukak lawang ing wayah esuk. Pusaka kuwi diwenehi jeneng Keris Kiyai Nagagini sing dawane kira-kira sangang senti meter lan Tumbak Kiyai Cacing Kanil sing dawa­ne kurang luwih wolung senti meter.

PANDHAWA KEMBAR

Hmmm… Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pita­kone Wrekudara marang keng raka.
“Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya.
“Isih pana kowe Kakang, aku Wreku­dara kang ana ngarepmu. Baliya me­nyang Ngastina, undurna kabeh wadya­balamu.”
“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”
“Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”
Tetandhingan antarane Prabu Duryu­dana lan Dyan Wrekudara datan kena den selaki. Bledug ngampak-ampak sumun­dhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe horeging suwasana. Mulat sang Wisanggeni marang lumam­pahing paprangan. Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek ing sesamane, mula gam­pang katrima kang dadi panyuwune. Eloking kahanan, prajurit saka Kuru Kan­cana cacah ewon kang ndherekake Prabu Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.
Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya si­nawat ing angin sindhung riwut dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatu­laya praja Kuru Kan­cana. Ngreti Prabu Kurupati ken­dhang, Wisanggeni banjur mrayogakake para kadang nglurug me­nyang Kuru Kancana nglu­wari para pepun­dhen.
Prabu Duryudana sa­pendherek kang tiba gu­mebrug aneng dhatulaya tuhu gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngen­dika sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.
“Paduka sampun mir­sani piyambak, bilih wek­dal samenika Pandhawa taksih wonten ing pakun­jaran. Mokal menawi wek­dal samenika sam­pun wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana  sareh.
“Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken dening Werkudara. Pra­mila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang kemawon ing­kang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada mbe­dhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”
“Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang sabanjure  nyo­wanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”
Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring pakun­jaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep tesmak pandulune Pra­bu Duryudana nalika uninga para Pan­dhawa kang kasowanake isih kanthi ka­hanan dibanda astane.
“Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ing­­kang baken tumrap kula sakadang, Pan­dhawa dalah anak-anake kudu modar!”
“Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing kar­ya. Pejahipun Pandhawa sakukuban ka­pasrahaken kewala dhateng kula saka­dang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana aga­we lejar penggalih Prabu Kurupati.
Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk pung­gung ing Kuru Kancana sarwi nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.
“Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”
“Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Pra­bu Duryudana.
“Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki digawa menyang pa­lagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi trewaca. Kang ana dhatu­laya Kuru Kancana sigra metu njaba ma­pagake tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.
Tekan ngalun-alun kawistara Pandha­wa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.
“Para kadang kabeh,” Raden Wisang­geni bisik-bisik. “Eling-elingen kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandha­wa sing dikongkon maju mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”
“Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.
“Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja diladeni, mengko yen nganti para kadang tume­keng lalis, Wisanggeni kang bakal nang­gung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi pi­welingku. Aku tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur nggeblas lunga saka papan kono.
Tan pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryu­dana, Dursasana, Tirtanata uga Patih Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa gumun sang Duryudana.
“Sarehne sing mbarang amuk iku te­tirone Pandhawa, mula kareben Pan­dha­wa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Le­lana, enggal luwarana bandane Pandha­wa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal bali ha­nge­-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”
Kang dhinawuhan sigra ngluwari ban­da­ne Pandhawa. Sabanjure Pandhawa kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang lagi namur laku maksih eling marang pitung­kase Wisanggeni, mula majune Pandha­wa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon mu­rih lebdeng karya. Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya san­jatanira sowang-sowang.
Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran keda­deyan ing alun-alun.
Ing alun-alun, Raden Wisanggeni ban­jur mrepegi kadang-kadange maneh.
“ Para kadang, sanjata iku padha pun­dhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Pra­bu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”
Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang. Panas talingane midha­nget swara panantang, wusanane Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan. Saka pa­pane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti. Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan­-cen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak.
Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mung­suhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa kata­mak­ake mring anggane Prabu Darma Le­lana sakadang. Ing kahanan kang mu­tawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wi­sanggeni bebarengan kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan Wi­sanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.
“Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar busana,” Dha­wuhe Resi Narada karo gumujeng.
“Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he he. Ya  wis ora dadi ngapa. Para ka­dang, cukupna semene anggonmu namur laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.”
Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.
“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Na­rada.
“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.
Sanalika badhar sejatining wujud Pra­bu Darma Lelana sakadang dadi Pan­dhawa lima. Prabu Duryudana sapendhe­rek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.
“Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.
“Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tam­pa. Balik pudyastawaning Ulun muga ru­menthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”
“Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sa­kadang namung badhe murungaken Ba­ratayuda. Menawi Ngamarta kula pa­srahaken dhateng kaka prabu Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kan­cana, tartemtu perang ageng jang­kaning jagad badhe wurung.”
“Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga winastan perang suci. Perange watak sura mung­suh asura. Sanajan disrananana kaya nga­pa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun, Pandhawa lima iku endhog sa­pe­tarangan ngibarate, mukti siji mukti ka­beh, mati siji liyane hangemasi. Mula ra­keting kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadar­man kang anjog marang katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pi­nanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,”  Bathara Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.
Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Maha­linangkung.

Dongeng Cinderella Bahasa Jawa

Cinderella Putri,Contoh Dongeng Cinderella Bahasa Jawa

Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange.

Sawise pirang dino, wonten pengawal kerajaan kang nyebarke serat ulem pesta ing istana. Kabeh wargo dipun diundang. “Asyik….awake dewe arep tindak menyang istana lan dandan kang ayu. Menawi kulo dados putrid raja, biyung musti bungah atine”, ngendikane. Dinten kang ditunggu sampun dugi, kakang tirine Cinderella miwiti dandan karo bungah atine. Cinderella susah sanget amargi mboten angsal tumut kaliyan kakang-kakange ten pesta istana mau. “ Klambi wae sampeyan mboten gadah, nopo sampeyan badhe tindak wonten istana ngengge Klambi koyo kuwi?”, ngendika kakange Cinderella

Sawise kabeh sampun padha budal tindak Istana, Cinderella banjr bali wonten bilikipun. Deweke banjur nangis kang kenceng sanget amargi atine kang kesel sanget. “ kulo mboten saget tindhak wonten istana amargi klambi kulo reget, nanging kulo pengen tindak…..” Mboten dangu wekdalipun krungu sawijineng suara. “ Cinderella, wes ampun nangis ngonten niku.” Nalika Cinderella noleh, deweke banjur mersani sawijining peri. Peri munika banjur mesem. “Cinderella gawakno kewan tikus sekawan lan kadal kaleh cacahe. “ Sawise kabeh mau dipun kumpulke kaleh Cinderella, Peri gowo kewan-kewan mau ten kebon labu wonten wingking griya. “simsalabim!”kaliyan nebar sihire, banjur ono kadadeyan kang aneh”istimewa”. Tikus-tikus mau dadi jaran, lan kadal-kadal mau banjur dadi tiyang. Ingkang pundatan, Cinderella dados putrid kang elok parase, lan ngagem Busana kang becik sanget.

Dongeng Cinderella Bahasa Jawa,putri cinderellaAmargi saking bungahe, Cinderella joget muter-muter karo sepatu kacane koyo kupu-kupu. Peri ngendika, “ Cinderella, Pengaruh sihir iki badhe ilang sawise jam kalehwelas dalu. Amargi kuwi, Baliyo saderenge tengah wengi.”inggih, wangsule Cinderella. Kreta jaran emas banjur langsung mangkat wonten istana. Nalika mlebet, sedanten tiyang ing jero istana mau padha ningali Cinderella. Sedanthen kesemsem dumatheng Cinderella kang elok. “ elok pisan putri menika! Putrid saking pundhi ?” tanglet kabeh poro tamu ing jero istana. Akhire Pangeran banjur nyamperi Cinderella.”Putri kang elok, Sudikah kiranya putri jejogetan kaleh kulo?” ngendikane. “ inggih…., “ ngendikane Cinderella kaliyan maringke tangane lan mesem. Pangeran lan Cinderella banjur jejogetan. Biyung lan kakang-kakang tirine Cinderella seng wonten jero istana menika mboten nyangka menawi Putri kang elok parase menika mboten liya Cinderella.


Pangeran terus jejogetan kaliyan Cinderella.”Tiyang koyo sampeyan niki ingkang kula kasemsemake,” ngendikane Pangeran. Amargi saking bungahe, Cinderella sampe kesupen kaliyan wekdalipun. Wekdal sampun tengah dalu.” Pangapunten Pangeran, kulo kudu wangsul sak menika…,”. Cinderella banjur mlayu ninggalke pesta ing istana. Wonten tangah dalan, sepatune ucul sebelah, nanging Cinderella mboten gatek’aken, deweke nekat mlayu. Pangeran nguber Cinderella nanging cilakane mboten ketemu kaliyan Cinderella, Pangeran namun nemok’ake sepatu kacane Cinderella. Sakwise pangeran nemu sepatu kolowau, pangeran banjur janji nek dewek’e arep madhosi putrid kang anggadahi sepatu kaca seng sebelahipun mbanjur di dadose garwonipun.

Contoh Dongeng Cinderella Bahasa Jawa
Dinten sak lajengipun, para pengawal ingkang diutus pangeran tindak wonten griya-griya para wargane ingkang anggadah putri kang due maksud madose putrid kang anggadahi sepatu kaca punika. Akhiripun para pengawal wau dugi wnten griyane Cinderella,.”Kulo madosi putri kang sikile cocok kaliyan sepatu punika,” ngendika pengawal. Kakang-kakange Cinderella nyobo sepatu kuwi, nanging sikile pado gegeden. Kakang-kakange Cinderella mekso sikile di lebok’ake neng sepatu kaca ampe tatu. Ing wekdal iku, pengawal mersani Cinderella.”hae…koe, cobo sepatu kaca iki,” ngendikane. Biyung lan kakang-kakang tirine banjur nesu, “mboten mbade cocok sepatu iku karo Cinderella!”. Cinderella langsung julurke sikile. Akhire sepatu kasebut pancen cocok marang sikile Cinderella.”Ah! Kowe putrid iku,” tandas pengawale pangeran.”Cinderella, selamet…,” Cinderella noleh ten wingking, peri sampun ngadek ten wingkingipun.”wiwit sakmenika uripo seng seneng kaliyan pangeran. Sim salabim!,” ngendikane.



Sak wise peri maos mantranipun, Cinderella dados putrid kang nganggo klambi pengantin. Cinderella di derekaken kaliyan tikus-tikus lan manuk seng dados rencangipun. Sak wise Cinderella dugi wonten istana, pangeran nyambut karo mesem saking bungahe. Akhire…Cinderella rabi lan dados garwane Pangeran.

Putri Cinderella kang elok parase lan becik atine wau ora due dendam kaliyan biyung lan kakang-kakang tirine, malah podo di ampuni lan di ajak ing istana. Pangeran Lan Putri Cinderella akhire, Urip mulyo

Bathara Guru

Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku . Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala.
Bathari DurgaIng wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine. Ananging ora kabul sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru. Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku.
Amarga kasektene Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi. Adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga dipacangake kalawan Bathara Kala.
Lan wiwit wektu iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi. Bathari Durga antuk jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa Rangkung. Dene Dewi Umayi (jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab, bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune. Ing lakon carangan Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra Dewasrani. Ing jagad pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke.
Ing lakon Sumbadra Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna. Dene ing lakon Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat. Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.
Ananging ing telung kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini. Bathari Durga dadi sesembahane para kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe. Miturut Pustaka Raja Purwa kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu.
Kawolune yaiku agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah Sanghyang Indra). Sabanjure, agama Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga).